Rabu, 15 Januari 2014

RASA SENENG LAN RASA GETHING

Wong seneng ora kurang pengalem, wong gething ora kurang panacad.

Sesrawungan ing bebrayan agung ora luput karo rasa seneng lan rasa gething. Yen wong mau seneng marang sawijining wong mula anggone ngalembana ngibarate nganti sundhul langit. Suwalike yen wong mau nduweni rasa gething , uga ora kurang anggone nacad, paribasane entek amek kurang golek.
Manungsa, iku mesthi nduweni kaluwihan nanging uga nduweni kekurangan. Wong sing dicacad entek amek kurang golek mau, ora mung nduweni kekurangan wae, nanging uga mesthi nduweni kaluwihan., sing kadhang kala ora diduweni dening wong sing dialem. Wong sing dialem nganti sundhul langit, uga mesthi nduweni kekurangan. Ora ana wong ing alam donya iku sing sampurna. Mula becike samadya wae luuur.

Senin, 13 Januari 2014

TOPENG




Jaman kalalupa
jamane wong kasangsaya
janma polah lir arsa kasulah
ana wewujudan
tanpa sangkan tanpa paran
ngupadi kanca
kekucah redana
angumbar swara
anggantha mulya

kekiter angambah gurung
suwe
tan kambah ing we
nunjem dhadha
sumlempit  selaning iga
nulya cidra
lamun kuwasa

Jaman kalalupa
jamane wong kasangsaya
ana sabawa
tansah memalat sih
dumeling  jroning galih
ngrerepa kawula dasih
andhudhah angen-angen
ngupadi kanthi
anggantha mukti

kekalangan ing langit
nrabas kang sarwa lungit
tan kinira
amung topeng walaka.


Surabaya, 13-1-2014


Gambar saking : gudangtari.blogspot.com

Pengikut

Matur Nuwun ...