Kamis, 31 Oktober 2013

TEMBUNG WILANGAN, KATA BILANGAN, NUMERALIA (1)



Tembung wilangan, kata bilangan utawa numeralia yaiku tembung sing mratelakake cacahe barang utawa urutan ing sawijining larikan.
Tembung wilangan diperang dadi :
1.      Numeralia pokok (kardinal)
Tembung wilangan pokok yaiku tembung wilangan kang minangka jawaban kanggo pitakonan tembung “pira”.
1.1.   Tembung wilangan gumathok (Numeralia Pokok Tentu). Tembung wilangan pokok baku yaiku 0 (das) nganti teka 9 (sanga). Saliyane iku ana tembung wilangan golongan (gugus) kang minangka bagean ekan, dasan, las-lasan, likuran, puluhan , atusan, ewon, yutan, lsp. Kayata :
Tembung wilangan golongan ekan:
1          = siji, setunggal
2          = loro, kalih
3          = telu, tiga
4          = papat, sekawan
5          = lima , gangsal
6          = enem (nenem), enem
7          = pitu, pitu.
8          = wolu, wolu
9          = sanga, sanga
10        = sepuluh, sedasa.

Tembung wilangan kang nganggo tembung golongan puluhan,  kramane dasa.
10        = sepuluh, sedasa
20        = rongpuluh, kalih dasa
30        = telungpuluh, tigang dasa.
40        = patang puluh, kawan dasa.
50        = sèket, sèket.
60        = suwidak, suwidak
70        = pitung puluh, pitung dasa.
80        = wolung puluh, wolung dasa.
90        = sangang puluh, sangang dasa.

Tembung wilangan kang dadi golongan  tembung las-lasan.
11        = sewelas, sewelas
12        = rolas, kalih welas
13        = telulas, tiga welas
14        = patbelas, kawan welas
15        = limalas, gangsal welas
16        = nembelas, nembelas.
17        = pitulas, pitulas
18        = wolulas, wolulas
19        = sangalas, sangalas.

Tembung wilangan kang dadi golongan tembung likur.
21        = selikur, selikur
22        = rolikur, kalih likur
23        = telulikur, tiga likur.
24        = patlikur, kawan likur
25        = selawe, selangkung
26        = nemlikur, nemlikur.
27        = pitu likur, pitu likur
38        = wolu likur, wolu likur.
29        = sanga likur, sanga likur.

Tembung wilangan kang dadi golongan atus.
100      = satus, satus.
200      = rong atus, kalih atus.
300      = telung atus, tigang atus.
900      = sangang atus, sangang atus.

Pangucape tembung wilangan:
11        = sewelas kramane sewelas
20        = rongpuluh kramane kalih dasa.
21        = selikur kramané selikur
22        = rolikur kramané kalih likur.
30        = telung puluh kramané tigang dasa.
31        = telung puluh siji kramané tigang dasa setunggal.
50        = sèket kramané sèket.
51        = sèket siji kramané sèket setungal
100      = satus  kramané satus.
101      = satus siji kramané satus setunggal.
141      = satus patang puluh siji kramané satus kawan dasa setunggal
1892    = sewu wolung atus sangang puluh loro kramané sewu wolung atus sangang dasa kalih.

Tembung wilangan ing basa Jawa lumrahe manut apa kang ana ing Basa Indonesia. Ing basa Jawa  ana tembung wilangan sing saiki wis arang-arang  dirungu.

das                               = 0
sepuluh                        = 10
satus                            = 100
sewu                            = 1.000
saleksa                         = 10.000
sakethi                         = 100.000
sayuta                          = 1.000.000
sawendra                     = 10.000.000
sabara                          = 100.000.000
sagulma                       = 1.000.000.000          = samilyar
sacamu                                    = 10.000.000.000
sawurda                       = 100.000.000.000
sakirna                         = 1.000.000.000.000   = satrilyun.

Ana candhake ...

Jumat, 25 Oktober 2013

WARA-WARA



Basa Jawa taun 1900 an.
WARA-WARA.
Manira paring sumurup marang sarupané wong, Jayasuparta aliyas Jayaprasêtya kang katutup ana gêdhong kapatiyan, nalika ing dina Sênèn tanggal kaping: 11 April 1904, miruda. Mungguh sêsipatané Jayasuparta mau, kira-kira umur: 47 taun, dêdêg sêdhêng, awak ngropèk kuru, kêkulitan abang, rai tipis lonjong, bathuk ciyut, mripat nglamuk, alis, pipi, janggut, cangkêm, kuping sêdhêng, sarta saburining kuping kang kiwa rada mangisor dadi sacêdhaking godhoh ana uci-uciné cilik, lambe biru saka madat, brêngos arang sathithik, irung gêdhé nyeprok mawa ciri iring têngên gèthèk tilas tatu, rambut sathithik irêng, gulu sêdhêng, pundhak jinggring, dhadha lumrah jêmbar, bangkèkan sapangisor sarta tangan lumrah, manawa udut dhêmênané nganggo pipa, manawa mêntas calathu ngango watuk kaya lara cêkèk, bokongé sisih kiwa ana uci-uciné sanadyan dibêbêdi katara, bamé kang kiwa ompong siji, sarta bam sacêdhaké kang ompong mau ana kang rubuh malang manawa guyu katara. Nalika miruda manganggo ikêt modhang umpak gulungan latar irêng wus masêm, klambi lurik cêmbirit ijo wêton Ngayogya, sabuk irêng marenos, èpèk baludru irêng, timang ulan-ulan wêsi, jarik cap-capan wus masêm, sruwal putih saka mori. Sapa-sapa kang bisa nyêkêl Jayasuparta mau utawa bisa ngaturaké katrangan, nganti bisa kacêkêl, bakal manira paringi ganjaran rupa dhuwit kèhé rong atus rupiyah.
Iku sarupané abdi dalêm wadana kang amêngku paréntah sarta abdi dalêm pulisi padha anglumrahna marang bawah wawêngkoné dhéwé-dhéwé kang warata.
Dhawuhing wara-wara kaping: 25 April 1904.

Kangjêng Radèn Adipati Sasradiningrat.

Diunggah saka seratané Mas Bangun Samodra.


Katrangané tembung:

wara = gunem, tembung,
biwara, layang biwara, wara-wara = layang palapuran bab colong jupuk kawènèhaké marang kang kélangan diwenangaké nggolèki.
sarupané wong = sakabèhé wong, sing sapa wongé
miruda = 1. minggat; 2. (kw) = karep.
mirud-larud = katut kabuncang, keli.
katutup = ditawan, ditahan (BI)
dedeg = dhuwuring pawakan
dedeg-piadeg, dedeg-pengadeg = dhuwuring pawakan.
uci-uci = arané lelara ing kulit (mlempung ana isiné).
madat = nyerèt, ngisep candu.
modhang = arané bathikan iket
latar irêng = arané bathikan.
èpèk baludru irêng = sabuk kang digawe saka bludru warna ireng, walulang lsp diubedake ing sajabaning setagen.
sabuk timang = setagen, lonthong.
timang ulan-ulan wêsi = cathokaning èpèk awujud ulan-ulan.
ngropek kuru = kuru banget,  kurus kering (BI)
godhoh = kuping bagian ngisor sing empuk, yen wedok dibolong nggo pasang anting-anting
gethek = bekas luka, keloid
lara cekek = sakit batuk menahun
bam = geraham (BI)
manira = aku, ingsun (basa bagongan: basane ratu), pakenira = kowe, sira; boya = ora; nggeh = nggih, iya;
mripat nglamuk = mata kang surem tanpa cahya---> lamuk = lamur
pundhak jinggring = pundhak mringkus

lumrah  (n) , limrah (k) = 1. sumebar warata ingendi-endi sumrambah; 2. kaprah, ora nganeh-anehi; 3. ora cethil, gelem nindakake kabecikan; dilumrahake : 1. diwratakake ; 2. diumumake; 3. dianggep lumrah; kelumrah : kaprah; kalumrahan: lumrahing akeh, padatan sing lumrah; anglumrahna : ngumumna. 
bawah = kalebu ing wewengkone, dadi sor-sorane; dibawahake = dirèhake ing, diwengku marang; ora kebawah ora keprentah (pr) : ora dikuwasani babar pisan. 

 



Pengikut

Matur Nuwun ...