Minggu, 01 Mei 2011

DHANDHANGGULA


SALISIR MARENG TENGGARENG.

Ing wayah sireping lare,
Neng latar kekadhar dhewe,
Purnama manjer prenahe,
Katon jembar kalangane.

Padhange kaya rina,
Sing dolan wis nora nana,
Kari Pak Iramenggala,
Ngraras kawasaning Suksma.


DHANDHANGGENDHIS

1. Dhedhet tidhem prabawaning ratri, sasadara wus manjer kawuryan, tan kuciwa memanise, menggep Sri Nateng dalu, sinewaka sanggyaning dasih, aglar neng cakrawala, winulat ngelangut, prandene kabeh kebekan, saking kehing taranggana kang sumiwi, warata tanpa sela.
2. Kinalangan kekuwung ngawengi, lir wewengkon bale Mandhakiya, pasewakaning Pamase, jroning kalang kadulu, kang sumewa pareng neng ngarsi, mung punggawa sajuga, Harya Panjersurup, pramukyaning taranggana, kang sawega rumeksa pringganing ratri, ngayomi hayuningrat.
3. Tan petungan panjrahing wadya lit, arahane awor mawurahan, ngapit narmada prenahe, jro petenging Serayu, angragancang Sang Bimasakti, nyuwak tutuking naga, kang sikareng laku, yeku mangka pralampita, mrih mengeta kang mantep tetep ing budi, widada kang sinedya.
4. Nekawarna pangkating wadya ji, nora worsuh tataning sewaka, gumolong gegelengane, ..................... , pandomaning para mong tani,. gelaring panangkilan, rinakit waluku, wuluh wuku lan kukusan, gubug penceng malencat wor lanjar ngirim, mangro lakuning mangsa.
5. Kang sumewa luhuring udadi, pan pinindha dhapuring giyota, pra nangkodha pandomane, de kang dadya pituduh, pamardine kang ulah kardi, sinamar neng busana, kasarireng Prabu, jroning praba marakata, sinung tandha pindha widadari ngantih, neng soring wringin sungsang.
6. Kang saweneh punggawa piniji, asung penget pangreksaning raga, ing masa roga praptane, yeku Harya Kumukus, manjer dwaja neng pancaniti, tangeh yen winursita, satataning dalu, dungkap luwaring sewaka, Jaka Belek merem melek melik-melik, sasmita minta nendra.
7. Samantara wus banguning rawi, Hyang Purnama meh manjing ngancala, gumiwang surem sunare, sawung pareng kaluruk, kapiyarsa melung-melungi, mring kang kasuwen nendra, ywa kongsi kadarung, mengeta mring pangarcana, angluhurna gunge kawasaning Hyang Widdhi, kang nitah saniskara.
8. Dyan umimba punggawaning ratri, riyap-riyep ri Sang Panjer Rina, lir pasrah pangawasane, denya rumekseng dalu, pangasoning sagung dumadi, wus sedheng pinardiya, ngayati panggayuh, iyeging panambut karya, datan liyan Hyang Surya kang mirowangi, tuduh sidining sedya.
9. Tanggap mulat Hyang Harga naketi, dumipeng rat ambabar prabawa, sumirat-sirat sorote, mega sinungging wungu, graning arga pinulas wilis, samantara kawuryan, Hyang Surya wus mungup, ngancik pucaking aldaka, larut mirut tedhuhing dalu kalindhih, sumeblak tanpa sesa.
10. Anglur selur lakune wong tani, sareng mangkat maring papasaran, pating krengkot pikulane, weneh sikep waluku, maring tegal sawahe sami, si Gundhul nethek kandhang, kebone pinecut, ngucul sarwi tinumpakan, ngenak-enak neng gigir marep neng wuri, sembari ura-ura.
11. Melang-melung lelagon ginurit, alon bae “hir hir kiya kiya !”, uler kambang satitahe, nora napa kesusu, yen narima karsaning pasthi, lakune wis jinangka, jangkahe den ukur, kesusu amburu apa, yen wong murka anggake kudu ndheweki, wus turah durung nrima.
12. Nora menget adile Hyang Widdhi, denya mandum jatining pangrasa, tan pisan baukapine, sanggyaning kang tumuwuh, binageyang legi lan pait, nadyan silih darbeya, wisma lir swargagung, kinunci kancing kencana, nora wurung susahe nlesep nusupi, tumameng mangsakala.
13. Yen pinuntu pantoging gyat yekti, nora suka murka ngangsa-angsa, anjangka kang kae-kae, karana kang tinemu, nora liya suka lan sedhih, demange nora beda, lan si Gindhulpacul, mene seneng mene susah, yen narima sudahe mirut sumingkir, rampung tanpa prakara.
14. Ayem guyem kang kaya wak mami, repet-repet wus berag neng beran, ngadhang segering srengenge, molah nglalatih balung, ngulur otot ngingirih getih, lir kukila neng tawang, mina neng jro kedhung, sajege sun dadi bocah, durung wikan rasaning badan nglelentrih, mung bingar tyas pirena.
15. Temah tuwuh segere nartani, lengeningsung kiyale kalintang, mathekel katon kucinge, keneng sawabing ebun, kang sinebar ing maruta ris, woring sorot tembeyan, doyananing banyu, Hyang Surya tan kadang konang, denya mandum prabane sinami sami, tan mawang milih janma.
16. Lamun ngelak ingong darbe warih, kang sumreweh nuting padhas gempal, wening tur sumyah rasane, sakehing kang sinebut, omben-omben ingong kilani, mangsa silih nyundhula, lan segering banyu, mengko nadhah lan janganan, sambel rawit lalaban timun lan metir, segane beras anyar.
17. Setham-sethom segere kapati, yen wus enak weh kuwating raga, apa maneh jalukane, sore ngong mapan turu, aneng lincak lambaran widhig, mrenah wurining damar, sumamar neng ngundhuk, tentrem rasaning tyas ingwang, mung kumandel kinemulan ing Hyang Widdhi, bleg-seg tanpa mirasa.


Pethikan saka : Burat Sari II, S Prawiradihardja.

Negesi tembung :
1. Slisir = 1. Nyimpang, mleset; 2. Araning tembang tengahan.
mareng = mangsa kemareng, mangsa sabubare mangsa rendheng ngarepake ketiga, pancaroba.
tenggareng = tenggereng, penther, srengenge ora kalingan mendhung.
kadhar , turu kadhar = turu ing sajabaning omah.
ratri = bengi, wengi.
siang ratri = rina wengi.
ngraras = nglaras; diraras-raras = digagas-gagas.
dhedhet = kandel sarta peteng (tumrap mendhung)
tidhem = surem, sirep; tidhem premanem = sirep tanpa sabawa.
sasadhara = taranggana, lintang, kartika, sudama, wintang.
kawuryan = katon
menggep = nganggep.
sanggyaning dasih = sakabehing kekasihe.
cakrawala = garis awang-awang watesing bumi lan langit
cakra = bunderan, rodha, gegaman awujud rodha paring caringih.
cakra manggilingan = tansah mubeng kaya ubenge cakra.
cakrabyuha = gelaring perang.
winulat = dideleng
2. Ngawengi = ngubengi
kalangan (ng) =kambengan (k) = 1. papan kang kanggo adu-adu; 2. buwengan ing rembulan utawa srengenge.
kekalangan = mabur mubeng-mubeng
sumiwi = seba.
bale mandhakiya = omah kanggo nenepi (memuja)
pamase = ratu, pamasa.
kadulu = katon
parek = cedhak
parekan = kadang, seduluring ratu.
sajuga = siji
harya panjersurup = lintang panjer sore.
pramukya = pramuka, pangarep.
sawega = samekta, sumadhiya.
sawegung = kabeh.
pringganing ratri = bebayaning wayah bengi.
pringga = bebaya
nganglang pringga = tansah ngawekani (njaga) yen ana pakewuh.
pringganata = prajurit kang njaga kaslametane sang nata.
rat = jagad
3. Awor mawurahan = worsuh, campur adhuk.
narmada = kali, bengawan, benawi
angragancang = mbegagah, malang kadhak.
nyuwak = nyuwek.
sikareng laku = ngalang-alangi laku.
mangka pralampita = minangka pasemon (pralambang)
widada = tulus slamet, lestari slamet.
4. Nekawarna = anekawarna = a (n) eka warna = ora sawarna, warna-warna.
wadyaji = wadya +aji = prajuriting ratu
gegolongane = pangkate
waluku = lintang waluku (orion)
lintang gubug penceng = bintang pari
lintang bimasakti = galaksi bimasakti.
lintang alihan = 1. lintang kang cumlorot kayadene ngalih panggonan.
lintang kemukus = lintang kang mawa buntut sumorot, bintang berekor.
lintang lanjar ngirim = lintang kang cedhak karo gubug penceng.
5. Udadi = waudadi, segara, jaladri, jalanidhi,
sumewa = simiwi, seba, ngadhep marang
giyota = prau, baita, palwa
wringin sungsang = wringin oyode ana dhuwur.
praba = sorot
marakata = jumerut, mirah
sinung = sung + in =diwenehi
ngantih = nggawe lawe, nggawe benang
6. Roga = lara
dwaja = gendera, tetenger, ciri
pancaniti = pasewakan
tangeh = adoh
winursita = wursita + in = dicritakake.
lintang jaka belek = bintang mars
7. Rawi = srengenge
hyang purnama = rembulan nedhenge bunder.
purnama sidi = rembulan wutuh tanggal 14, 15. , gunggung neptune dina lan pasaran iya 14, 15 upama jumat paing = 6 + 9 = 15, kemis pon = 8 + 7 = 15, rebo pon = 7 + 7 = 14, rebo kliwon = 7 + 8 = 15.
ngancala = acala , gunung, giri, meru, parwata, prabata, hardi, ardi, redi, aldaka.
gumiwang = ngglewang.
kadarung = kadereng, kadreng, adreng
pangarcana = panembah, pakurmatan.
saniskara = sakabehe.
8. Pinardiya = diperdi, diudi, diparsudi.
ngayati = miwiti
sidining sedya = sampurnaning sedya
sidikara = donga
disidikara = didongani
9. Tanggap = gita, gape
ora nanggapi = ora nggape.
nanggap wayang = nganakake tontonan wayang
tanggapan = tontonan
tanggap warsa = wiyosan
tanggap sabda = wangsulan karangan ing layang kabar
naketi = nyaketi, nyedhaki
dumipeng rat = dipa + um ing rat = sumorot ing jagad
graning arga = pucaking gunung
wilis = ijo
aldaka = gunung
larut = ilang, katut ilining banyu
mirut = mengkeret
tedhuh = 1. timbreng; 2. mendhung; 3. lerem tumrap prahara.
kalindhih = kendhih, kalah
tanpa sesa = tanpa tilas.
10. Sembari = sinambi
11. Uler kambang (wangsalan) = lintah
12. Bau kapine = ora adil, pilih asih emban oyod emban cindhe
sanggyaning kang tumuwuh = sakabehing titah
tumameng masakala = teka ing sawektu-wektu
pinuntu = dipikir kanthi jero
demang = lelurahing bekel, sesebutaning sawenehing abdi dalem
demang ngiras tangkilan (pr)= dhayoh ngiras dadi peladen.
mene = sesuk
brat = birat = ilang
13. Beran = sawah beran, sawah bera.
14. Berag = 1. Seneng-seneng; 2. Wis brai, wis diwasa.
ngingirih getih = nresiki getih, ngilekake getih
ngirih kalen = ngresiki kalen.
kukila = manuk
mina = iwak
misaya mina = golek iwak
15. Nartani = mbarengi
kalintang = katon
mathekel katon kucinge = mathekel katon otote gedhe.
ris = aris , alon.
tembeyayan = tembeyan, sapisan
16. Kadang konang (pr) = seduluran sing diaku mung sing sugih.
mangsa silih sundhula = mangsa nganti padhaa.
nadhah = pangan
17. Ngong = ingong, ingsun, aku.

Pengikut

Matur Nuwun ...