Selasa, 30 November 2010

GAPLEK PRINGKILAN

ORA NYEBUT. Mangkono rasanane wong sing krungu dongenge lelakonku. Wiwit kampung pojok lor nganti pojok kidul, wiwit barongan pring pager desa wetan nganti barongan pager desa kulon, wiwit bakul-bakul sing biyasane liwat ngarep omahku nganti teka wong – wong sing padha cangkruk ning warunge Lik Giyem kabeh padha rasan - rasan. Padha ngrasani aku. Aku dadi kembang lambe, lambene wong sakampung. Yen wong sakampung lambene dadi siji kira-kira dadi lambe gajah apa lambe jirapah. Dadi wong kok nyebut, ingatase wis mambu lemah kok isih ngarepake Karti --randha lanjar kulon kali.

“Umure pira ta Karti kuwi ?” pitakone Saiman marang Karjana nalika cangkruk ning warunge Lik Giyem.
“Lha Karti kuwi ngono rak bocah wingi sore ta, patlikur apa wis enek?” Karjana genti takon.
“Ya uwis ta. Wong laire Karti bareng laire anakku sing ragil. Saiki anakku wis umur nemlikur. Ya nek patlikur ya luwih” wangsulane Saiman ngyakinake Karjana.
“Lha, ditinggal bojone wis pirang taun?” pitakone Karjana
“Kok takon pirang taun. Kowe apa ora melu nglayat? Setaun bae durung enek.”wangsulane Saiman karo nyruput kopine.
“Aku pas nyang ndi ta ya ? Jane aku ra tau lunga ki ?”
“Lha embuh. Aku pa ngerti urusane uwong ?”
“Nek durung enek setaun, ya lagi wae. Lara apa ta?”
“Ya embuh. Jarene, maune mung sambat kesal-kesel ngono. Bareng dipriksakake dokter jarene wis parah.”
“Sadurunge apa ra priksa dokter ngono ?.”
“Jane ngono ya priksa, nanging kira-kira ora dirasa. Dianggep entheng. Sanajana lara, ketoke tetep nyambut gawe wae.”

Pancene dadi randha kuwi ora kepenak. Apa maneh randha anyaran. Jarene Pak Dajus, kae lho pengarang sastra Jawa sing kondhang kae, randha iku rana-rene diendha. Tembung diendha kuwi nek manut wong Bojanegara tegese digunem. Apik digunem, ora apik sangsaya ndadi anggone nggunem. Mengko arep macak dirasani wong jare golek-golek, bojo lagi bar mati saiki bengesane wis menor-menor. Mengko nyandhang saanane ya dirasani, wong kok olehe ora ngajeni awake. Mbok sing rada macak sithik. Ya mbokmenawa ana wong ngesir , ora kucem ngono. Sarwa repot. Dadi randha ora ana benere.

“Jarene, krungu-krungu diarepake pak Darna?”
“Darna sapa ? Darna pensiunan guru SD kuwi ta ?” pitakone Saiman.
“Iya. “
“Lheh, ya ora cocog.”
“Ra cocog piye ? Wong pak Darna ya duwe bayar. Ya arepa kaya apa wae rak isih duwe pensiun.”
“ Ora prekara bayar. Ya ketuweken. Coba gagasen. Pak Darna kuwi wis pensiun, tegese umure ya wis suwidak luwih. Karti lagi lagi umur kur-kuran. Apa ya cocok? Nek kanggoku ya ora cocok”
“Tuwek rak ragane. Atine durung karuwan. Saiki lho yen ana wong weruh kaya Karti sapa sing ora kepencut. Dhasare kulite kuning mrusuh, awake gedhe dhuwur, lenjang-lenjang. Yen ana wong ora kepencut karo Karti kuwi wong munapeg ”
“Nek aku, panggah ra cocog”, kandhane Saiman ngegegi omongane.
“Ya uwong kok. Sapa ngerti atine wong. Kowe pa ngerti karepe pak Darna ?”
“Ya nek karepe pak Darna kuwi ngene, nanging iki mung kira-kira lho. Anake ra ya wis mentas kabeh. Siji neng Jakarta, adoh nggone. Sing anak wedok neng Mediun, ya adoh, sing nomer telu melu bojone. Lha neng omah rak mung dhewe emple ora enek kancane. Keneka kanggo rasan-rasan. Karo maneh pensiune ben tumanja, saupama kanggo ngragadi anake wong ya oleh ganjaran.”
“Ngono ya ngono, ning mbok golek sing sababag. Lha nek kaya Karti ya ora kanggo utawa dijak rasan-rasan “
“Ora dianggo rasan-rasan, kanggo apa ?”
“Lha ya embuh, wong rumah tangga rak ya akeh butuhe.”
“Lha sing sababag sapa ?”
“Soimah kuwi rak ya randha, umure kira-kira patang puluh tahun. Luwiha ya ora akeh”
“Lha nek Soimah, kuwi bener umure ora enom banget, ning anake lima. Karo maneh isih kemriyek. Isih mbutuhake ragad akeh. Ya carane aku, ya pilih si Karti”

Jane mono, sembarang omongane uwong aku ya ngerti. Ning ora dakpaelu. Ora dakgugu. Biarlah anjing menggonggong, kafilah tetap berlalu. Kaya parikan kae :

Kembang turi melok – melok,
enake dipangan sore.
Ra breduli wong alok-alok,
sandhang pangan golek dhewe.

Yen kanggoku sing penting cocoge ati. Kaya sing nate dakaturake marang para rawuh nalika aku masrahake penganten (aku ya kadhang-kadhang didhapuk dadi bageyan pasrah penganten) – ana tembang Asmaradana sing cakepane mangkene :

Gegarane wong akrami,
dudu bandha dudu rupa,
nanging ati pawitane,
luput pisan kena pisan,
yen gampang luwih gampang,
yen angel angel kalangkung,
tan kena tinambak arta.

Yen atine padha cocoge rak ora masalah. Ning ya pancene nek ora cocog, ya mung dadi perkara wae. Malah rak nate ana kabar neng TV, neng Malaysia, ana wong wadon umure wis wolung puluh taun luwih rabi karo jaka umur 30 taun. Sing kaya ngono rak ya marga saka cocoge ati ta.
Karo maneh nek ana ngelu mulese, wong iku rak ora mesthi waras terus, yen umure padha tuweke , aku arep njaluk kerokan malah dikongkon ngeroki. Apa ora malah repot. Lha upamane sing siji isih enom, rak ya tandang gawe akas, dikongkon ngeroki ya rosa. Upamane maneh, sak wayah-wayah daktinggal mati, wis dak tinggali pensiun. Kenaa kanggo minangka pangane, kena kanggo uripe senajane ora akeh. Upamane daktinggal mati, terus kepingin rabi maneh ya ora apa-apa, wong ya isih enom. Mula kanthi dhasar gagasanku sing kaya mangkono mau, kenceng anggonku kepingin ngrabi si Karti. Aku kudu bisa ngrabi si Karti.
Ing sawijining dina aku ketemu si Karti, dheweke mlaku karo nggawa gawan abot. Dheweke banjur dakendhegi ing sisihe. Mesin sepedha montor dakpateni. Dheweke noleh aku banjur takon : “Saka ngendi, Ti kok mbentoyot nggawa gawan akeh ?”
“King peken, bibar blanja.”
“Arep nduwe gawe, ta ?”
“Niku lho dugi wilujengane simbok”
“Lha dak terke piye ? Wong aku ya nganggur”
Karti sajake ya bingung arep ngiyani , kepriye, yen ora diiyani, pancen dheweke repot. Aku banjur dheseg :“Lha ayo ta. Wong kowe ketoke repot ngono kok ?”
Wusana Karti gelem dakgonceng. Aku banjur nyetater sepedha montorku.
“Ya wis ayo,” pangajakku.
Karti ora mangsuli, njur nyengklak wae ana goncenganku. Atiku njur krasa mbedhdodhog, sing maune mung sakepel, saiki kaya-kaya malih sagunung gedhene. Batinku : Inilah kesempatan yang saya tunggu. Kesempatan ini tidak akan saya lepaskan begitu saja. Aku njur nata ati, ngomong saiki apa mengko, aku rada bingung. Arep ngomong karo Karti, gek maju gek mundur. Dhadhaku rasane dhug, dhug, dhug, dhug, njur dakwanek-wanekake, sanajanta cangkemku menga mingkem.

“Ti...” kandhaku mbukani rembug karo ngendhoni gas.
“Napa pak ?” pitakone Karti.
“Kowe rak randha,’
“Enten napa ?”
“Apa ra kepingin rabi maneh ta?”
“Lha nggih teksih kepingin”
“Aku ki ya dhudha. Wis suwe olehku ndhudha. Anak-anakku saiki wis ora ana sing neng omah.”
Karti mung meneng wae, ora mangsuli.
“Upamane, iki upamane. Ya aja dadi atimu . Upamane kowe dakrabi ngono piye ?” pitakonku.
“Lhah...”
“Lhah piye? Gelem apa ora ?”
“Soimah niku rak nggih randha.”
“Iya bener. Soimah anake kemriyek ngono. Kowe dhewe ya ngerti. Gek isih cilik-cilik pisan.”
“Nggih boten napa-napa ta. Rak niku sing kathah pahalane “
“Sing dakkarepake ki kowe, Ti. Dudu Soimah “
“Lha kula rak nggih kepingin duwe anak”
“Karepmu .... aku wis tuwa ngono ta. Ora isa nggawe anak. Tuwa ki rak wonge, Ti.”kandhaku.”Nek mung kepingin duwe anak wae ya dakgawekake”
“Lha napa kiyat ?“
“Lho sembrana, iki gaman Majapaitan . Ra orane nek nganti mindho gaweni “

Wong loro, aku lan Karti njur padha meneng. Ora nerusake rembugan sing lagi wae diomongake. Aku njur ngingetake dalan, untung wae dalane ora pati rame. Ora krasa, ngerti-ngerti wis teka ngarep omahe Karti. Sepedha banjur dak rem, mandheg. Karti banjur mudhun karo kandha :”Matur nuwun, pak”
Aku banjur nggeblas, mulih. Atiku senenge ora kaya dina iki. Ora bisa dakgambarake. Neng omah njur nyanyi-nyanyi. Donya iki rasane padhang njingglang. Rumangsaku srengenge iki ora mung siji. Neng ngendi-endi ana srengenge. Wis suwe anggonku ngesir Karti ning lagi saiki bisa omong-omongan. Aku bisa nyuntakake rasaning atiku. Rasane mbedhodhog sagunung Merapi mbledhos.
Sawise kedadean iku pirang-pirang dina aku ora ketemu Karti. Atiku krasa ora kepenak. Biasane mangkat menyang pasar mesthi liwat ngarep omah, saiki ora nate ketemu. Karti iki apa lara apa piye, apa lunga?. Jan aku kangen banget bisaa enggal-enggal ketemu. Aku liwat ngarep omahe ya ora nate ketok. Donya sing maune katon padhang njingglang saiki wis wiwit surem, wis wiwit remeng-remeng. Apa sadhela maneh bakal peteng dhedhet bali kaya maune ?
Grobyaak ! Swara sepedha disendhekake pager rada banter. Aku nginguk njaba. Ana bocah cilik umur sepuluhan taun marani aku.
“Pak, nyaosaken serat”
“Saka sapa?” pitakonku.
“King iyuuk”
“Iyukmu sapa ta ?”
“Yu Karti”
“Kowe adhine Karti, ta?”
“Enggih”
“Ya. Kandhaa yen wis tak tampa “
“Enggih. Pareng pak, nyuwun pamit .”
“Ya.” Atiku wiwit ora kepenak,. Ana apa iki, kadingaren Karti menehi layang. Atiku wiwit dheg-dhegan. Layang banjur daksuwek amplope. Dak bukak lempitane, njur dakwaca. Isine mung cekak, mung saukara :”Nyuwun ngapunten dereng saged nampi pamundhut panjenengan”. Pet, sanalika peteng ndhedhet. Srengenge sing maune padhang kencar-kencar, saiki mati pet. Peteng dhedhet, peteng dhedhet.

--------0--------

Telung sasai saka kedadean iku, aku nduwe pakulinan anyar. Pesbukan. Wiwitane aku ya ora ngerti. Krungu omongane bocah-bocah enom, sing saben dina njonggol neng warnet, aku banjur tokan-takon marang bocah-bocah kuwi. Suwe-suwe aku ya bisa pesbukan dhewe. Aku mlebu warnet ngenteni sepine bocah-bocah enom. Biasane jam sanga bengi lagi sepi. Meh saben wengi ndhongkrok neng warnet. Mulih-mulih yen wis jam rolas, bareng warnete tutup. Idhep-idhep ngrewangi jaga warnet.
Ing sawijining dina lagi mara menyang warnet, njur takon marang sing jaga :”Enten sing kosong, mas?”
“Enten, pak. Nomer gangsal”, wangsulane sing jaga.
“Kula niku gumun lho, pak” kandhane sing jaga.
“Gumun apa, mas ?” pitakonku.
“Njenengan niku empun sepuh, lha kok pesbukan mawon”
“Lha arep ngapa? Apa pesbukan iku mung kanggo wong enom wae?” wangsulanku. “Coba bayangna, neng omah ya ora sapa-sapa, sepi. Lha nek ning warnet rak akeh kancane.”
“Lha nggih golek kanca ta, pak”
“Sapa ?. Golekna ta !”
Sing jaga warnet ora mangsuli, mung mesem wae.
Saben pesbukan sing dakgoleki dhisik , mesthi wong wedok. Saben ana pesbuker wedok mesthi dak “add”, aku njaluk supaya dadi kancane. Aku nate krungu kancane anakku olehe jodho ya jalaran saka pesbukan. E, mbokmenawa aku oleh randha-randha saka pesbukan.
Temenan, aku oleh kanca pesbuker, sawise dak “add”, oleh konfirmasi saka dheweke. Jenenge Sri Wahyuni. Bareng dak deleng profile, lajang, cocog. Tanggal lair taun ,wah ora ana. Alamat , Magetan. Tertarik pada laki-laki , aku ya lanang. Ingin cari pacar, aku ya bujang. Tidak memandang umur : cocog banget.
Bareng dheweke pas OL langsung dak klik obrolan. Wis, ora perlu dakcritakake lakon lan kahanan sateruse. Dheweke setuju yen aku dadi bojone, senajana dheweke lagi umur kepala telu, lan aku wis pensiun. Malah-malah dheweke banjur takon kapan anggone nglamar menyang Magetan.
Aku banjur cepet-cepet ngurus surat pindhah kawin. Daktujokake desane calon bojoku. Katrangan-katrangan sing perlu, cukup liwat HP. Layang cukup dak kirim liwat pos wae.

Teka tanggal sing wis ditemtokake minangka ijabing penganten, aku lan dulurku sawetara mara menyang Magetan. Teka ing Magetan banjur dipondhokake ing omahe tangga sisih kulon. Ora suwe perias penganten teka ndandani aku. Aku njur kelingan bojoku sing wis tinggal donya, ya ibune bocah-bocah. Kelingan, gawang-gawang wewayangane bojoku. Ora ketang tresnane marang aku, saiki ndhisiki bali menyang alam kalanggengan. Sawise rampung anggone ndandani aku, perias pengantene nyangoni utawa nggawani aku gantal. Gantal iku linthingan suruh sing taleni benang sing lumrahe kanggo balang-balangan nalika penganten ketemu sepisanan.
Suruh –bakale gantal – yen dikerata basa : kesusu weruh. Pancene aku kepingin enggal- enggal weruh pengantene wadon. Kepriye ya wujude ? Yen rupane ngono ya wis weruh nalika ndeleng poto profile. Nanging bleger wujude rak durung weruh babar pisan.
Gendhing Kebogiro saka VCD player wis disetel, pratandha yen upacara panggih penganten diwiwiti. Pranata adicara mbiwarakake supaya penganten kakung enggal rawuh ing sasana pawiwahan. Aku enggal-enggal budhal menyang papan temune penganten. Ora lali suruh gantal sing maune dak kanthongi banjur dakcekethem. Alon-alon lakuku diayap para pengarak. Bareng lakuku wis teka ing papan temu dipethukake penganten wadon.
“Lho .... lho .... lho .,” aku kaget setengah mati. Apa lemaha ora rata , kok bojoku anggone mlaku gejajigan ? Wadhuh, wadhuh, wadhuh...... bojoku sikile pincang.


Surabaya, 30 Nopember 2010.
.

Senin, 22 November 2010

LURU-LURU

daksingkap ing sangisore taplak meja,
dakungkap sangisore kekep kang gumlethak ing paga ndhuwur pawon
dakosak-asik bothekan wadhah empon-empon
dakolak-alik ,
mbokmenawa kaslempit ing sangisore godhong garing kang tumiba ing lemah aking
pranyata
ora ana.

daktakokake marang tangga kulon, jarene ora katon
daktakokake marang pulisi sing jaga prapatan, ora ana wangsulan
daktakokake marang bakul dhawet ayu, mung digeguyu,
daktakokake marang kere pinggir kali, ora mreduli
takon marang sapa?
marang lintang?
o kadohan
marang gunung, marang mendhung, apa marang mega ing akasa?
ah, ora kajangka

dakpecaki dalan ledhu mangsa ketiga
daksandhung, daksaruk, daksepak suket ing pinggir kali
dak luru, mbok manawa isih kari

tansah dakarep-arep wangsulane lintang ing tawang
tansah dakarep-arep wangsulane watu kang setya tuhu
marang kali kang tansah setya ing janji
marang krikil kang tansah dakpecaki sangisore sikil
wasana mung kandha
ora ngerti
ora mreduli

apa tresnamu isih gumantung awang-awang
apa kabuncang katut ing mega malang
apa pancen kudu ngenteni
tumetese bun wanci bedhug ndhrandhang ?



Surabaya, 21 Nopember 2010.

Rabu, 17 November 2010

PANDHAWA PUTER PUJA


Anggitan : KGPAA Mangkunagara VII

1.
Jejer ing negari Astina.Prabu Suyudana miyos ing pancaniti. Ingkang sumiwi putra R Lesmana Mandrakumara, Dhahyang Durna, Patih Arya Sangkuni tuwin para Kurawa pepak, R Arya Dursasana, R Kartamamarma, R Durmagati, R Citraksa, R Citraksi.
Ginem : Sang Prabu suyudana angsal wangsiting jawata, dhinawuhan nglampahi puter puja medal saking praja . Dhahyang Drona dhinawuhan andherek, dene Patih Arya Sangkuni dalah para Korawa amung kalilan nguntapaken. Sasampuning dhawuh lajeng kondur angadhaton, Dhahyang Durna andherek srinata. Lajeng bibaran nangkil.

2.
Madeg ing gupit Mandragini. Sang padniwara Dewi Banowati lenggah ing pananggap prabasuyasa, ingadhep Dewi Lesmanawati tuwin para parekan. Risang wara angentosi kondurira srinata ngiras pantes mariksani ajaring bedhaya srimpi. Kasaru konduripun Sang Prabu tuwin Dhahyang Drona, lajeng pinethuk ing garwa miwah putra. Kekanthen asta lajeng binekta lenggah satata tuwin Dhahyang Drona . Sang nata imbal wacana dhateng garwa tuwin putra kawontenanipun ing pasewakan, lajeng tindak pambojanan. Sasampuning bojana lajeng santun busana, lajeng mijil ing jawi, Dhahyang Drona tan kantun.

3.
Madeg ing paseban njawi. Patih Arya Sakuni tuwin para Korawa, R Arya Dursasana, R Kartamarma, R Durmagati, R Citraksa, R Citraksi, R Arya Jayadrata. Ginem : Anggenipun badhe nguntapaken tindakipun sang nata dhateng wana Krendhayana, denira arsa puter puja. Patih Arya Sakuni lajeng dhawuh siyaga, para Korawa sampun samekta sami wahana turangga, namung ngentosi miyosipun sang nata, titihanira rata kencana sampun mangarsa. Wiyosipun Sri Suyudana tuwin Dhahyang Drona lajeng nitih rata kencana. Lajeng bidhal, ;para Korawa sami kapalan.

4.
Madeg ing nagari Nungsakambang. Sang Prabu Jayabirawa miyos pandhapi, ingadhep Patih Siwanda tuwin para punggawa ditya sawatawis. Ginem : Sang Prabu miyarsa warta bilih para ratu ing tanah Jawi sami puter puja wonten ing wana Krendhayana . Sang Prabu kersa angresahi denira sami denira puter puja. Sang nata lajeng animbali punggawa siluman, sampun mangarsa ditya Jaramaya, Doramiya. Para ditya seluman sami dhinawuhan angresahi para ratu tanah Jawi denira sami puter puja wonten ing wana Krendhayana. Ditya seluman lajeng sami pangkat, sang nata kondur angadhaton.
Sigeg.
Lampahipun para sata Korawa ing Astina, ingkang sami nguntapaken srinata Astina tindak dhateng wana Krendhayana sareng dumugi ing margi kapapag ditya saking nagari Nungsakambang. Pasulayaning rembag dadya prang, wasana sami sesimpangan margi.

5.
Madeg ing pratapan Wukir Ratawu. Sang Bagawan Abyasa lenggah ing pacrabakan, ingadhep ingkang wayah R Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca miwah panakawan tiga Kyai Semar, Nalagareng, Petruk tuwin para cantrik. Ginem : Sang Begawan andangu dhateng kang wayah kekalih. Sami matur uninga lelampahanipun para Pandhawa anggenipun muter puja : Sang bagawan Abyasa dhawuh dhateng R Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca kadhawuhan sami mantuk, amit rinilan pangkat ingiring panakawan repat tetiga. Sang Begawan lajeng tindak ing pamelengan.

6.
Madeg ing wana tarataban. Ditya Jaramaya, Sadumia, Doramiya. Ginem : Anggenipun kautus , gustinipun kadhawuhan angresahi para ratu tanah Jawi ingkang sami puter puja. Mangkana lampahira R Angkawijaa tuwin R Arya Gathutkaca ingiring Kai Semar, Nalagareng, Petruk saya celak lajeng kapapag ditya tetiga. Pasulayaning rembag dados prang rame. Ditya seluman boten saged pejah lajeng krodha anamakaken muksala. R Angkawijaa tuwin R Arya Gathutkaca sareng sami kenging kemayan lajeng dados reca. Kyai Semar, Nalagareng , Petruk sami sumerep bendaranipun dados reca lajeng sami mantuk dhateng Madukara nedya atur pariksa.

7.
Madeg ing wana Krendhayana. Sang Prabu Suyudana tuwin Dhahyang Drona , Patih Arya Sakuni tuwin para Korawa. Sri Suyudana tuwin Dhahyang Drona lajeng sami amiwiti puter puja. Patih Arya Sakuni lajeng wangsul mantuk dhateng ing nagari Astina tuwin para kadang Korawa lajeng sami pangkat.

8.
Madeg Sang Bagawan Lanowa, satriya atapa bisu. Lajeng kasaru rawuhipun Sang Prabu Suyudana tuwin Dhahyang Dorna. Sang begawan dinangu kendel datan mangsuli,. Sareng sinerapaken dening Dhahyang Drona matur menggah anggenipun tapa punika perlu napakaken mantu kula nama R Arjuna. Sang Prabu sareng miyarsa aturing sang begawan, Sang Prabu Suyudana langkung krodha. Sang Begawan pinejahan kuwanda muksa, tilar swara angancam benjing prang Bratayudha badhe males. Sang Prabu lajeng andumugekaken anggenipun puter puja.

9.
Madeg ing Madukara. Raden Arjuna lenggah kaliyan ingkang garwa dewi wara Sumbadra tuwin dewi wara Srikandhi. Kasaru dhatengipun Kyai Lurah Semar, Nalagareng, Petruk sarwi tawan-tawan tangis. Dinangu, matur tiwasing putra R Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca, sami dados reca wonten wana tarataban. Awit perang kaliyan ditya seluman, lajeng kenging kemayanipun. R Arjuna sareng miyarsa turira Kyai Semar, Arjuna langkung duka arsa ngupadosi ingkang putra. Lajeng pangkat kadherekaken panakawan repat tiga Kyai Semar, Nalagareng, Petruk.

10.
Sigeg. Ing wana tarataban. Lampahipun R Arjuna kapethukaken dening Sang Hyang Bethari Durga amancala warni pawestri endah kang warni nama Dewi Talimendang. R Arjuna uninga Dewi Talimendang lajeng kasmaran. Sang Dewi dipun ngungrum malajeng, binujung. Sang Dewi babar Sang Hyang Bathari Durga, lajeng paring sabda dhateng R Arjuna kados bantheng. R Arjuna lajeng dados bantheng, nanging meksa ambujung kemawon, sareng enget sumerep wujudipun piyambak lajeng anjetung kendel. Kyai Semar, Nalagareng, Petruk ugi nangis bingung katilapan bendaranipun. Lajeng nedya mantuk, bantheng dhateng ing nagari Dwarawati.

11.
Madeg ing nagari Dwarawati. Sang Prabu Kresna miyos ing pandhapi ageng, ingadhep ingkang putra R Samba tuwin R Arya Setyaki. Sowanipun Patih Udawa atur uninga ing njawi wonten bantheng ngamuk. Lajeng kapapagaken sang Prabu Kresna. Bantheng lajeng angrungkebi padanipun ingkang raka Prabu Kresna sarwi akathah-kathah. Sang Prabu lajeng ambiyantu mancala warna dados rare bajang nama Jaka Sungkana, bantheng nama bantheng Andini lajeng tinumpakan. Lajeng pangkat dhateng praja Nungsakambang.



12.
Madeg ing nagari Amarta. Sang Prabu Puntadewa miyos ing pandhapi, ingadhep ingkang rayi R Arya Wrekodara , tuwin R Nakula, R Sadewa. Ginem : Sang Prabu arsa puter puja. Sang Prabu Puntadewa dhahwuh dhateng ingkang rayi R Arya Wrekodara tuwin R Nakula. R Sadewa sami dhinawuhan andherek dhateng ing wana Krendhayana, sampun sami samekta lajeng bidhal.

13.
Madeg ing wana Krendhayana. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi R Arya Wrekodara, R Nakula, R Sadewa. Wonten ing ngriku sami amanggih reca gajah pethak, ing nalika samanten patilasanipun R Gajahoya. Sri Puntadewa tuwin para rayi lajeng sami amatrap semadi. Boten antawis dangu rawuhipun Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra amaringaken panetepipun agami, utawi tulus anggenipun angratoni ing nuswa Jawi. Tuwin ungguling Bratayuda ing benjing. Sasampuning dhawuh Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra lajeng sami kondur ing kahyangan. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi sami kondur mring Amarta, lajeng bidhalan.

14.
Madeg ing nagari Nungsakambang. Sang Prabu Birawa miyos ing pandhapi , ingadhep Patih Siwanda. Kasaru rawuhipun Sang Hyang Bathari Durga, sampun lenggah satata. Ginem : Sang Hyang Bathari Durga paring uninga bilih raden Arjuna sirna. Sang Prabu Birawa suka panggalihipun, Sang Hyang Bathari Durga lajeng kondur makayangan. Katungka dhatengipun R Jaka Sungkana anumpak bantheng Andini , wonten ing alun-alun ing Nungsakambang angamuk. Sang Prabu Birawa krodha lajeng medal ing njawi panggih ayun-ayunan prang rame. Patih Siwanda lajeng dados sima gembong, ingaben kaliyan bantheng Andini lajeng babar R Arjuna. Sang Prabu Kresna lajeng angayat cakra, sampun lumepas kenging Prabu Birawa lajeng babar Sang Hyang Kala. Sima gembong kenging lajeng babar Hyang Kalayuwana, lajeng sami muksa dhateng ing kahyangan.

15.
Madeg Prabu Kresna tuwin R Arjuna. Ginem : Sasirnaning Sang Hyang Kala lajeng ngupadosi para kadang Pandhawa. Sri Kresna tuwin R Arjuna dumugi ing wana tarataban uninga reca kekalih bagus warnanipun, lajeng pinarepekan. Sareng sampun celak lajeng rinuwat, reca kekalih babar R Arya Gathutkaca tuwin R Angkawijaya. Dinangu, matur purwa madya wasana katur ingkang uwa Sri Kresna tuwin rama R Arjuna. Kang putra kekalih lajeng kadhawuhan andherek kondur dhateng nagari Amarta, lajeng sami bidhal.
Lampahipun Prabu Kresna, R Arjuna tuwin putra R Angkawijaya R Gathutkaca dumugi ing margi kapanggih ingkang rayi Prabu Puntadewa tuwin kang rayi R Arya Wrekodara, R Nakula, R Sadewa . Ginem : Sri Kresna warta-winartan lejeng ingaturan kondur dhateng nagari Amarta , sadaya lajeng bidhal.

16.
Madeg ing nagari Astina. Sang Prabu Suyudana miyos ingadhep dhahyang Drona tuwin Patih Arya Sakuni. Ginem : Anggenipun mentas lumampah puter puja tuwin anggenipun mejahi pandhita tapa ingkang boten dosa. Sang Prabu rumaos manggih sesikuning jawata. Sang Nata esmu kaduwung sarta amireng pawartos bilih kadang Pandhawa anggenipun sami lampah puter puja angsal damel. Sri Suyudana lajeng animbali para kadang Korawa. R Arya Dursasana, R Arya Jayadrata, R Kartamarma, R Durmagati, R Citraksa, R Citraksi sampun sowan, lajeng kinen mangarsa. Sang Prabu dhawuh dhateng R Arya Dursasana sakadangira dhinawuhan angrampit ing praja Amarta. Sami sandika lajeng bidhalan, sang nata lajeng kondur ngadhaton.

17.
Madeg ing nagari Amarta. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi Prabu Kresna ingadhep para rayi, R Arya Wrekodara, R Arjuna, R Nakula, R Sadewa tuwin para ;putra santana pepak. Ginem : sang Prabu Puntadewa ngaturaken anggenipun anglampah puter puja nalika wonten Krendhayana. Anggenipun semedi ing ngriku lajeng katurunan Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra andhawuhaken timbalanipun Sang Hyang Girinata. Sri Kresna miyarsa langkung suka ing galih, sang Prabu Kresna ngantos ngaturaken lelampahinipun nalika wonten ing praja Nungsakambang, katur sadaya. Lajeng kasaru gegering njawi dhatengipun para Korawa sami angrampit praja. Sang Prabu Puntadewa dhawuh dhateng ingkang rayi R Arya Wrekodara dhinawuhan mapag. R Arya Wrekodara lajeng medal njawi, dumugi ing njawi lajeng prang sampak. Para Korawa sami kasor lumajar sar-saran, R Arya Wrekodara lajeng wangsul dhateng pasewakan.

18.
Madeg Sang Prabu Puntadewa, Prabu Kresna, R Arjuna, R Nakula, R Sadewa, R Angkawijaya, R Arya Gathutkaca para kadang Pandhawa pepak, tuwin para putra santana. Sowanipun R Arya Wrekodara ingkang mentas saking yuda, sampun lenggah satata. Lajeng mangun bojana andrawina. Tanceb kayon.

Rabu, 10 November 2010

CANDHABIRAWA


Anggitan : KGPAA Mangkunagara VII

1.
Jejer ing negari Dwarawati. Sang Nata miyos tinangkil aneng sitinggil binatarata. Para wadya pepak ingkang sumiwi, munggwing ngarsa putra R Samba, santana R Wresniwira tuwin patih Udawa.
Ingkang rinembag : Srinata sanget oneng dhateng para ari Pandhawa. Kasaru dhatengipun R Nakula, lajeng tumameng ngarsa. Sasampunipun lenggah satata , dinangu matur lamun dinuta ingkang raka nata Pandhawa, Prabu Yudhistira ngaturaken sembah pangabekti. Ingkang kaping kalih ngaturi pariksa menawi ing praja Amarta badhe kedhatengan mengsah saking Selaprewata, Maharaja Dermabirawa. Srinata Dwarawati kaaturan rawuh , bibaran tinangkil. Srinata arsa tindak lajeng jengkar kondur ngedhaton .

2.
Madeg ing Gupit Mandragini. Sang Padniwara tetiga, Dewi Jembawati miyos ing pananggap prabasuyasa, kaleres ler-wetan ingadhep dening Dewi Rukmini tuwin Dewi Setyaboma, sami amariksani bedhaya sarimpi ngiras pantes angentosi konduripun srinata. Ingkang rinembag kawontenanipun ing pasewakan. Srinata lajeng kondur angedhaton, lajeng lenggah satata. Srinata lajeng tindak dhateng ing pambojanan. Sasampunipun rampung bojana, srinata ngrasuk busana kaprajuritan lejeng tindak anurut kukusing dupa, andedel ngayuh ing gegana.

3.
Madeg ing Paseban Jawi. R Nakula, R Samba, Wresniwira, Patih Udawa. Rembag siyaga ing dedamel. Rekyana Patih Udawa ngundangi para wadya, sasampinipun samekta lajeng bidhal kapalan, sami nusul tindake Srinata.

4.
Madeg ing negari Selaprewata. Parbu Dermabirawa miyos siniwi ing wadyabala. Ingkang munggwing ngarsa ingkang rayi ing Kadipaten R Jayabirawa. Ingkang rinembag negari Amarta badhe pinukul prang rumyin, ingkang minangka senapatining ngayuda R Jayabirawa tuwin Bogabirawa. Sasampunipun wineling, ari kalih lajeng sami lumengser saking ngarsa, srinata angadhaton.

5.
Madeg ing Paseban Jawi. R Jayabirawa, R Bogabirawa tuwin para punggawa ditya. Ingkang rinembag : denira arsa dhumateng Tanah Jawi nedya mukul prang ing Amarta. Lajeng angundangi para wadya ditya, sasampuning samapta lajeng bidhalan.


6.
Madeg ing wukir Ratawu. Sang Resi Abiyasa miyos ing pacrabakan, katamuwan ingkang wayah R Janaka tuwin repatira tetiga ingkang andherek. Rembag R Janaka ingutus ingkang raka Srinata ing Amarta Prabu Yudhisthira ngaturaken pangabekti tuwin ngaturaken uninga bilih praja Amarta badhe kedhatengan mengsah saking Selaprewata. Sang Resi dhawuh saliring kasujanan. R Janaka lajeng pamit wangsul, linilan. Parepat tiga Kyai Semar, Nalagareng, Petruk sami andherek. Lampahipun dumugi ing marga kakapag barisan danawa saking Selaprewata . Pasulayaning rembag dados prang, rota danawa ingkang ageng sami pejah. Sadaya ingkang alit sami lumajeng sapurug-purug. R Janaka lajeng malebet ing wana kendel ing sangandhaping mandera angasokaken sarira. Ing ngriku senapatining yuda R Jayabirawa ingkang munggeng gegana, sumerep para wadyanipun pancakara kathah ingkang tiwas sanalika boten mawi taken, R Janaka binekta ing gegana inguncalaken. Dereng dumugi , tinampen R Bogabirawa. R Janaka cinempala, lajeng binucal dhawah ing siti, kantaka. Wungu saking kantaka, amusthi Pasopati. Sigra linepasaken angenani mengsah kekalih, sami sirna boten katingalan. Amung sasirnaning mengsah , wonten suwara kapiyarsa. Ing gegana gumaludhug , mendhung peteng lelimengan. Boten dangu ing gegana lajeng padhang. R Janaka boten sakeca ing galih, lajeng lampahipun angiring parepat tiga, Kyai Semar Nalagareng Petruk.

7.
Madeg ing ara-ara Gendhaga. Ratuning satowana awarni dwipangga nama Gajahbirawa, patih warni singa anama Singaloba, wadyabala buron wana. Rembag : mireng pawartos bilih sang Nata ing Selaprewata Prabu Dermabirawa nglurug dhateng nagari Amarta, punika raja dwipangga nedya mbiyantu, awit ing ara-ara Gendhaga taksih kabawah ing Selaprewata. Sasampuning siyaga, buron wana sadaya lajeng bidhalan.

8.
Madeg ing nagari Amarta. Prabu Yudhisthira miyos siniwi, mungging pandhapa ageng. Ingkang mungging ngarsa kadang nata R Arya Werkodara, R Arya Nakula, R Arya Sadewa. Ingkang rinembag anggenipun praja Amarta badhe kancikan mengsah, sanget denira angarsa-arsa ingkang rayi R Dananjaya denira dinuta ngaturi pariksa ingkang Eyang Resi Abiyasa ing patapan Wukir Ratawu. Dereng watawis dangu, rawuhipun Srinata ing Dwarawati Prabu Kresna, lajeng lenggah satata. Sasampuning lenggah satata Sri Yudhisthira, R Dananjaya matur sasolahira dinuta, miwiti dumugining wekasan sadaya. Dhawuhipun Sri Kresna lajeng pinurih siyaga ing yuda sarta lajeng ambidhalaken wadyabala ing Amarta. Wadyabala ing Dwarawati sadaya anjagi sajawining kitha, R Arya Dananjaya dadya cucuking lampah, R Arya Werkodara mungging wuri sawadyanira kanthi putra R Arya Gathutkaca.

9.
Madeg ing negari Selaprewata. Prabu Dermabirawa nuju miyos ing pandhapi agung, siniwi para wadyabala. Ingkang mungging ngarsa Arya Birawa. Ingkang rinembag : Srinata angarsa-arsa ingkang rayi ing kadipaten R Arya Jayabirawa, tuwin R Arya Bogabirawa denira dinuta ngrumiyini ngepang praja Amarta. Punika sang Nata ing galih sampun karaos sumelang dene wantu-wantu sasmitaning jawata ing alun-alun katingal dhedhet pedhut lelimengan. Sasirnaning pedhut pancawora tarik, sagunging kayon sami sol, ringin kurung rungkat kekalihira. Sireping pancawora mambet ganda, ing ngriku Sang Prabu sampun anyana tiwasing ari kekalih. Boten dangu dhatengipun wulucumbu ingkang kinanthekaken dados panganjuring lampah para barisaning wadya ditya nama Kyai Togog tuwin Sarawita. Sasampunira mangarsa , dinangu matur tiwasing margi dereng ngantos dumugi ing nagari Amarta para punggawa ditya sami pejah dening satriya Madukara R Janaka. Wadya alit bibar sapurug-purug, kapara ingkang rayi R Jayabirawa nalabung prang tuwin R Bogabirawa. Langkung rame prangira lawan satriya Madukara, wasana R Jayabirawa tuwin ingkang rayi R Bogabirawa sirna kapanduk ing warastra, kawon lajeng musna boten katingal. Srinata titi pamiyarsanira sakalangkung duka yayah sinipi, amung anganta-anta satriya Madukara. Wasana lajeng dahwuh dhumateng patihira pinurih amepak wadyabala sadaya siyaga dedameling prang. Srinata sedhiya nyarirani piyambak rawuh ing Amarta. Sasampuning samapta lajeng bidhal wadyabalanira.

10.
Madeg ing pasanggrahan wates praja Amarta. Prabu Bathara Kresna , Prabu Puntadewa, R Arya Wrekodara, R Arya Dananjaya, R Arya Nakula, R Arya Sadewa tuwin para putra pepak sumiweng ngarsa. Ingkang rinembag: denira arsa nata gelaring prang. Kasaru Rekyana Patih Tambakgangga sowan mangarsa atur pariksa dhatenging mengsah saking Selaprewata. R Arya Wrekodara, R Arya Dananjaya tuwin para putra sami mijil ing njawi. R Danajaya majeng prang mapag yudanipun Prabu Dermabirawa,. Langkung rame mijilaken pengabaran. Dangu boten wonten ingkang kasoran, R Arya Wrekodara majeng analabung prang. Prabu Dermabirawa kenging kacepeng binanting nulya binucal tebih, dhawah ing siti ngadeg sesumbar. Lajeng malih warni pindha Arjuna, prang rame sami warni Arjuna. Kang pindha Arjuna kenging kacepeng dening sang Arjuna, binanting lajeng binucal dhawah siti. R Arya Gathutkaca lajeng anyandhak dhateng kang pindha Arjuna, ingidak-idak binucal tebih. Satanginipun, malih warni pindha Gathutkaca, prang sami gegana. Sang pindha Gathutkaca kenging binucal dhawah ing siti tinampen R Arya Wrekodara ingidak-idak binucal. Sanalika santun warni pindha Werkodara, lajeng dadya prang kembar ing warna lawan R Arya Werkodara langkung rame, ngantos sami ngasta gada Rujakpolo. Para kadang sami kawekan ing galih mirsa solahing payudan. Sri Kresna lajeng tanggap animbali kadang waruju Pandhawa R Arya Nakula, R Arya Sadewa sami sowan mangarsa. Dhinawuhan sowan dhateng ingkang uwa Narpati Salya, nata ing Mandaraka ngaturi pariksa kawontenanipun ing payudan tuwin kautus nyuwun usada boten ketang warni toya satetes tuwin ron salembar janji saking ingkang uwa Prabu Salya punika lajeng kenging kangge sarana ing payudan. Raden kekalih lajeng pangkat gegancangan. Sigeg.

11.
Madeg ing nagari Mandraka. Prabu Salya pinuju gerah benter sanalika lumpuh sadaya, tinengga sang Prameswari Dewi Setyawati tuwin para putra Dewi Erawati, Dewi Surtikanthi, R Arya Rukmarata. Sami muwun dene gerahipun ingkang rama Nata sangsaya ngranuhi. Kasaru dhatengipun R Arya Nakula , R Arya Sadewa lajeng tumameng pura. Sasampuning lenggah raden kekalih wau sami amuwun angres sesambatipun. Dene ingkang uwa gerah sawatawis dangu boten mireng sarta ningali risaking sarira. Ing ngriku Prabu Salya kersa ngandika andangu, pulunan kekalih matur bilih dinuta kang raka Prabu Kresna tuwin Prabu Yudhisthira ngaturaken purwa madya wasananing payudan tuwin nuwun sarana. Ing ngriku sadangunira sareyan Prabu Salya sareng mireng aturira pulunan kekalih, lajeng gumregah wungu. Sarira katingal entheng nedya tindak ing palagan, pinambeng boten kenging. Lajeng pangkat boten karsa anitih amung tindak dharat binayang-bayang para putra kairing Patih Tuhayata para wadyanira sawatawis. Ciptaning driya rehning trahing prajurit katimbang pejah denira roga, aluwung sirna wonten palagan.

12.
Madeg ing pasanggrahan paprangan. Prabu Kresna, Prabu Puntadewa. Rembag sami emeng ing panggalih, dene denira prang kang rayi R Arya Wrekodara maksih dedreg dereng sami kasoran. Kasaru rawuhira Prabu Salya binayang-bayang. Nata kekalih gurawalan methuk. Sasampunira lenggah satata srinata kekalih matur punapa ingkang dados raosing gerahipun benter, salira cape sadaya. Nanging kedah paripeksa ing payudan, ciptaning wardaya tinimbang seda jalaran sakit aluwung majenga ing rana. Para putra pinurih ambayang, lajeng linaksanan dumugi samadyaning rana. Para putra pinurih sumingkir tebih, Sri Salya lenggah sarwi gumeter ngasta warastra pinenthang. Ing ngriku katingal kang lagya yuda R Wrekodara kaliyan mengsah kembaring warna. Sri Salya waspada ningali, lajeng anglepasaken jemparing. Menggah kang pindha Arya Wrekodara kenging warastra jajanira dhawah kantaka ing bantala, babar warni Prabu Dermabirawa. R Arya Wrekodara dipunawe kang raka Prabu Kresna, lajeng mundur ing payudan. Linipur, racuta kanepsonira. Prabu Dermabirawa lajeng sesumbar nyelaki mengsah, dupi tumingal Sri Salya langkung gawoking driya dene mengsah sampun jompo sarwi barangkangan. Ing ngriku Sri Salya sesumbar memanas driyaning mengsah. Prabu Dermabirawa nyelak sarwi duka, Sri Salya dinugang. Sukunira Prabu Dermabirawa cinandhak binanting kanteb, lajeng binucal tebih dhawah kalenggah. Wunguning kantaka, angadekaken pangaribawa warni-warni. Sri Salya boten kengguh , dangu-dangu Prabu Dermabirawa ngalumpruk tanpa bayu, sirna karosanira lajeng luluh. Sarira murca katingal dados rare alit sarwi celak Prabu Salya.
Ing ngriku Prabu Salya boten pangling bilih punika Candhabirawa, lajeng pinurih buntun manjinga dhateng garbanipun Sri Salya binolehan tembung manuhara. Boten dangu rawuhira Sri Kresna, Prabu Puntadewa. Srinata kekalih tumut angreripih dhateng Candhabirawa. Candhabirawa mangsuli purun wangsul dhateng guwagarbanipun Sri Salya, nanging benjing Bratayuda lajeng kapapaga Prabu Puntadewa. Awit punika titising kang rama Bagawan Bagaspati rumiyin. Prabu Puntadewa nyagahi, Candhabirawa lajeng manjing guwagarbanipun Prabu Salya, saksana Prabu Salya waluya kadi ing nguni. Lajeng sami masanggrahan, kasaru dhatengipun buron soroh amuk, pinapag R Arya Wrekodara tuwin R Arya Gathutkaca, prang sampak. Madeg ing pasanggrahan. Prabu Salya, Prabu Kresna, Prabu Puntadewa, ndhatengi pun kang mentas ungguling yuda. Lajeng sami bojana andrawina.
Tancep kayon.

Sabtu, 06 November 2010

KURDHA


nalika bumi rumangsa ewa
gunung njeblug krana manungsa karem ing cidra
ilat mengangah
wedhus gembel mider angumbar pejah

nalika bumi rumangsa ewa
segara kinebur krana manungsa kerut gunem culika
mbandhang nyawa
salang tunjang, kabuncang

nalika bumi rumangsa ewa
lesus lir pinusus krana manungsa dhemen janji tanpa bukti
larut, omah rebah kasulayah
pating blengkrah

nalika bumi rumangsa ewa
lindhu gonjing krana kandha wis tanpa makna
pethite anantaboga mobat-mabit
sing keprungu mung swara jerit

nalika bumi rumangsa ewa
banjir bandhang nerjang, krana manungsa wis tanpa rasa rumangsa
endhut blagedapa ngelun desa
sambat ngaruara

nalika bumi rumangsa ewa
manungsa nandhang kasangsaya
sejatine mung pratandha
supaya eling lan waspada
apa pancene wis lali
marang kang paring sandhang bukti
apa pancene ora eling
marang kang maha peparing

nanging manungsa
isih ana sing tumindak culika
isih ana sing ngungasakae dhadha nalika liyan nandhang sangsara
isih ana sing angon ulat ngumbar tangan nalika liyan nandhang kasangsayan
isih ana sing enak-enak mara eca nalika liyan mecati nyawa

apa kepingin
bumi kurdha ?

Surabaya, 6 Nopember 2010.

Kamis, 04 November 2010

SERAT WIRAWIYATA

Layang utawa buku Wirawiyata dikarang dening KGPAA Mangkunagara kaping IV rampung nalika Dina Kemis tanggal 1 Saban 1788 . Irah-irahane wis buku nerangake yen isine piwulang kanggo para prajurit. Wira ateges prajurit, bala, balakoswa, utawa bala tantra. Dene wiyata atege piwulang. Maksud utawa isine buku minangka piwulang kanggo para para putra wayah trah Mangkunegaran kang dadi prajurit .

Dene isine buku kasebut yaiku:

Pawitan lakuning prajurit
Kudu mantep atine, sarta tansah netepi kuwajiban, saguh manut marang pranataning negara.
Prajurit dudu pakaryan kang paling abot, samubarang pegaweyan padha abote, jalaran nduweni tanggung jawab dhewe-dhewe, kabeh mau mung suwita marang ratu..
Tujuwane prajurit iku urip mulya, padha karo wong tapa , kang nepi ing guwa-guwa. Kaya mangkono iku mung minangka dalaning kamulyan. Tujuwan mau bakal kaleksanan yen nganggo sarana.
Lan kudu tansah eling marang para leluhur, yen saiki jejer dadi prajurit iku jalaran saka lelabuhane para leluhur.Aja rumangsa yen anggone dadi prajurit iku marga saka upayane dhewe.
Yen saiki wis kesinungan drajat, kudu dilestarekake, diopeni aja nganti sembrana.
Perlu dimangerteni kuwajibane para prajurit. Baris, jaga, les, sepeksi iku dudu pegaweyan nanging gladhen, kaya dene santri diwulang sembahyang.
Aturan utawa paugeran kudu ditindakake klawan adil, yen ngliwakaken wajib kudu diukum, yen manut bakal oleh opah murwat karo karyane, kaya dene yen isih melu wong tuwa lamun salah iya disrengeni.

Jejering panembah kanggoning para prajurit.
Tumrape para prajurit, ora mung panembah bae kang minangka pangabekti marang Gusti, dene panggawe becik kang linambaran ati kang suci lamun katrima uga kalebu panembah.

Jejering pati ing ngatase pra prajurit.
Urip lan pati iku mung gumantung karsaning Gusti, ora pilih-pilih dalane. Sanadyan ditamani panah sewu, yen Gusti durung marengake iya ora bakal mati. Kanggone para prajurit pati sing utama yaiku mati ing satengahing palagan.

Lakuning prajurit ing palagan.
Nalika prajurit ana tengahing palagan kudu manut miturut marang pakoning senapati, ibarate panah kang dilepasake saka jemparing. Ora kena sakarepe dhewe, jalaran yen kaya mangkono bakal ngribedi senapati sarta gawe gidhuhing kanca.

Pengrengkuhe marang tawanan.
Tawanan perang kang nungkul ora kena dipateni.

Lungguhe senapati.
Senapati miangka wakiling ratu mbawahi para wadya lan pinatah pinatah Ratu disrahi ngreksa kaanane para prajurit.

Pawongan kang pantes dadi prajurit.
Pawongan kang bisa dadi prajurit kudu dicundhukake karo kaanane, sawijining prajurit mesthi bisa ngolahake sanjata, rikat, cukat lan trampil ing babagan ngelmu paprangan.
Dene pamilihe kudu nyukupi sarat :
Dudu trahing wong sudra, kalairane tunggal sanegara, tanpa cacad dhiri, otot balunge rosa, tanpa penyakit, dideleng kawujudane, lan ora duwe pekareman ala.

Gegamane para prajurit kudu dicundhukake karo wandane :
Prajurit kang nggawa gegaman panah kang pawakane sedheng, tandange cukat, trampil, gegaman tumbak kanggo prajurit sing pawakane lencir, mriyem sing pawakane dhepah, prajurit jejaranan kang pawakane gedhe dhuwur, sing sekti mandra guna minangka juru margi, bangun beteng, kuwu lsp.

Pakaryan diperlokake nyukupi kabutuhane prajurit :
Greji, tukang puntu, tukang nyamak, tukang tapel, tukang nyingi, tukang sayang, tukang pandhe, tukang kayu, mranggi lan kemasan.

Kanthi maca buku-buku kuna kita bisa ngaweruhi kahanan, sejarah, politik , panguripan, basa lan sastra ing jaman kuna. Buku-buku kang isi pitutur kang becik sing isih cocok karo jaman saiki bisa dianggo, dene sing ora cocok disisihake.

Yen panjenengan ngersakake maos Wirawiyata jangkep, panjenengan klik ana kene.
.

Pengikut

Matur Nuwun ...