Senin, 29 Maret 2010

NGLELURI KARAWITAN JAWA


Seni tradisi sangsaya suwe sangsaya langka. Ana unen-unen barang sing langka malah akeh sing nggoleki utawa dhuwur pengajine. Nanging mangertia sanajan dhuwur pengajine sing seneng marsudi lan nguri-uri sangsaya sethithik. Akeh nom-noman sing wis ora gelem nggepok marang seni tradisi, rumangsa luwih unggul katimbang liyane yen nganggo tata cara Negara manca.


Mula ora sethithik sing nduweni wawasan rada “sinis” marang bab-bab sing mambu desa. Contone nalika aku mulang basa Jawa akeh murid-murid mbengok rada mangkelake ati : ndesa. Apa maneh yen diwulang nembang, bangku banjur dianggo kothekan karo tutuke muni gang-gung, gang-gung. Mangkelake ati banget.


Conto sing paling gampang yaiku akeh para sarjana lan sujana ngrembug bab basa Jawa ora nganggo basa Jawa. Kabudayan manca sangsaya nunjem ing jantunging bebrayan Jawa. Ora mung bab teknologi bae wong-wong Jawa kagiwang marang barang manca, nanging bab panganggo, basa, lan uga tata cara, tingkah polah uga ngiblat marang bangsa manca. Wong Jawa rumangsa isin yen isih gelem nganggo basa, tata cara, tingkah polah lan sapanunggalane sing isih mambu-mambu Jawa.

Malah-malah ing babagan pendidikan para sarjana pendidikan Jawa uga rebut dhucung nganggo utawa ngetrapake sistem pendidikan kulonan. Mula banjur thukul istilah-istilah SBI utawa RSBI (Sekolah berstandar Internasional lan Rintisan Sekolah berstandar Internasional) kamangka ing sanyatane durung mesthi kahanane wis nginternasional.

Kemajuwaning jaman utawa modernisasi ora bisa diselaki, sanajanta manggon ing pucaking gunung, modernisasi ora bakal bisa diendheg. Bab kaya mangkono iku satemene dudu barang sing aneh. Jer yen kita taliti satemene kabudayan Jawa sing kita anut saiki iki satemene uga krana pengaruh kabudayan manca.

Mula yen ana penganggep kita kudu nggemeni kabudayan kita uga kena diarani kleru. Mung bageyan kabudayan endi sing kudu dilestarekake. Mesthine para sarjana lan sujana Jawa kudu bisa milah-milah lan milih endi sing bisa dianggo lan ora.

Jer kabeh mau ora ana sing ora kena pangaribawane kabudayan manca. Samono uga kasenian karawitan, sing saiki urip ing satengahing bebrayan Jawa. Sajake seni tradisi mung bisa urip ing tengah-tengahing masyarakat padesan.


Nembe iki pangripta lagi wae mulih menyang kahyangan yaiku Pacitan. Rasa mongkog, rasa seneng, uga trenyuh campur bawur dadi siji, nalika nemoni para warga guyub lagi gladhen karawitan. Priyayi sepuh nganti sing isih jaka cilik padha grengseng nuthuki wilahan-wilahan gamelan. Pakumpulan karawitan mau dijenengi “Hardho Kayun “ sing tegese grengsenge karep kanthi sesanti “ memet prana ngulah rasa karya pamareming jiwa”.
Pangarsane pakumpulan yaiku panjenengane bapak Ruswandi. Mapan ing dhukuh Pager, Arjowinangun, Pacitan. Pakumpulan mau ora mung nglelatih kabisan ing babagan karawitan bae nanging uga ing babagan seni pedhalangan. Ing kalodhangan iku pangripta uga melu nimbrung latihan karawitan mau.
Sing mangarsani ing antarane bapak Hartono guruku SMP biyen, bu Mul garwane bapak Mulyono uga guru SMP N 1 Pacitan lan para seepuh dhukuh Pager.

Uga ana sawetara bapak-bapak saka Kapulisen, lan akeh aku sing durung tepung, jalaran aku ninggalalke desa wis udakara patang puluh taun kapungkur. Mula iya akeh sing during tepung. Wargane pakumpulan saka sing paling sepuh nganti isih cilik ana, contone calon dhalang sing wektu iki lagi kelas telu SD yaiku nak Dimas, sing ing gambar iki lagi mamerake kabisane ndhalang.
Sanggar seni “Hardho Kayun” uga nate nggondhol juwara loro nalika dianakake lomba karawitan ing Kecamatan Pacitan.
Panyaruwe utawa kritik kagem pakumpulan “Hardho Kayun” :
1. Tetep gladhen kanthi mempeng, aja nganti kemba.
2. Ora kena kendho semangate sanajanta wis nate nggondhol juwara. K arodene bab iki bab kang pokok kanggone pakumpulan.
3. Yen bisa ngrekrut (recruitment) bocah-bocah sing isih enom, luwih-luwih kudu bisa nggandheng sekolahan, apa kuwi SD, SMP, lan SMA.
4. Para guru SD, SMP, SMA kersaa maringi kegiatan ekstra kurikuler sing sipate wajib dilakoni ing bab karawitan.

Rabu, 17 Maret 2010

PRAWAN SUNTHI


Jroning wengi kang kang tumelung bareng lakuning sepi
nglari wewayangane sliramu kang tansah dak impi rina wengi
ana ngendi prawan sunthi kang lagi mbathik ati
apa bisa nyawiji

Kidung mangungkung ing telenging kedhung
pepuji lir gumanti kaya ilining kali kang tanpa tepi, tanpa pegat mesat saka pucaking gunung jabalkat
dakambah, dalan munggah muga tumuju marang muwaraning panembah, susah
keh panggodha angawe-awe ing tengah marga
ora lila yen bisa manuksma

Napak tilas delanggung kang diambah dening para sarjana
melu nenepi lan para suci kang tanpa mala
o, kagedhen panjangka
ora rumangsa lamun raga kakehan dosa

Surabaya, 14032010

Jumat, 05 Maret 2010

JANGKAR


Sing arep dakcritakake iki pengalamane kancaku guru matematika. Sawijining dina pak guru mau ndhawuhi muride supaya nggawa jangka. Bareng tekane dina candhake ing kelas iku pak guru mlebu kelas, dhawuh supaya bukune ditokake.
"Ayo, bukumu ndang tokna !", mangkono pangandikane pak guru karo mubeng nliti sapa sing nggawa buku lan sapa sing ora.
Bareng teka ngarepe salah sawijine bocah, bocah mau kandha, "Maaf, pak. Saya tidak membawa jangkar".
Pak guru mau kaget, banjur ngendika,"Lho, kowe nggawa jangkar arep koanggo apa. Apa kowe dadi nakodha kapal kok nggawa jangkar ?"
Bocah mau mangsuli,"Itu lho pak yang dipakai membuat lingkaran."
"Oooo, iku ta. Iku jenenge jangka dudu jangkar".
Pak guru banjur ngelus dhadha ing ngatase kelas IX SMP kok ora bisa mbedakake antarane jangkar karo jangka.
Piye ca, murid sampeyan apa ya kaya ngono? Aku nyuwun komentar panjenengan.

Rabu, 03 Maret 2010

GUNUNG IJEN, GUNUNG GENI KANG TANSAH MENEHI PANGURIPAN


Jawa Wetan salah sawijining propinsi kang nduweni gunung geni kang misuwur , ing antarane Gunung Semeru yaiku gunung sing paling dhuwur sa tanah Jawa, gunung Kelud sing nembe bae arep njeblug - ning ora sida - lan gunung Ijen.

Gunung Ijen dhuwure 2300 meter saka lumahing segara. Ing pucaking gunung ana kawah sing tansah kumebul. Ing kawah kono uga ana tlaga sing jerone kira-kira 200 meter. Ing kawah iki dadi panguripane para tukang tambang welirang (Belerang (Ind),Sulfur). Welirang iki arupa barang pelican (tambang) kang rupane kuning.

Welirang minangka bahan bakune kanggo ana ing pabrik gula, kosmetik, rabuk gawean, obat-obatan upamane kango lara kulit lan bahan peledhak.
Saben dina atusan tukang tambang iki toh nyawa nyungkili welirang banjur dipikul ing pundhak digawa menyang papan sing kanggo ngumpulake welirang.

Anggone toh nyawa mau krana terus-terusan ngisep uwape welirang saka sajerone kawah. Oleh-olehane anggone nyungkili welirang mau diregani limang atus rupiyah saben sakilone. Kanggone tukang tambang sing wis pengalaman, dheweke bisa mikul nganti 95 kg saangkatan.

Anggone mikul welirang munggah gunung mudhun gunung mau kira-kira adohe rong puluh kilometer.Jalaran panggonane nambang karo papan kango ngumpulake adoh mula tukang tambang mau sadina mung bisa ngangkat sepisan Sadinane para tukang tambang iki bisa nggawa dhuwit mulih kanggo anak bojone udakara seket nganti suwidak ewu rupiyah.

Ing papan pangumpulan welirang iku ditimbang , kehe timbangan banjur diijolake dhuwit.
Umume tukang tambang iki ora nduweni pegaweyan kang gumathok. Dibandhingake karo buruh tani sing saben dinane mung oleh kaya limalas ewu rupiyah, pegaweyan dadi tukang tambang luwih ngasilake.

Mula arepa ngrekasa kaya ngapa ya tetep dilakoni.
Ing papan pangumpulan welirang-welirang mau bisa nglumpuk nganti sepuluh ton sadinane. Papan iki operasine wiwit taun 1969 nganti saprene.

Selasa, 02 Maret 2010

LONGSOR ING TENJOLAYA



Kebon teh Dewata , desa Tenjolaya , Pasir Jambu Kabupaten Bandung, wis ana sadurunge Indonesia mardika. Mula bukane perkebunan iki didegake warga Negara Landa ing taun 1932 lan nalika taun 1956 dituku dening warga Negara Indonesia aran Badrudin. Kebon iki nembe ngalami longsor kang nggawa korban 44 , sewelas korban nganti saiki durung ditemokake. Para warga wis ngeklasake yen korban sing durung ditemokake , dikubur sacara masal ing panggonan kang kena longsor.

Kebon teh Dewata iki mapan ing pegunungan, papan sing ditanduri teh arupa gunung-gunung cilik sing perenge rada lumayan jejege. Dene sing saiki ngalami longsor yaiku papan sing ora ditanduri teh,malah tandurane wit-witan gedhe. Sing nyebabake longsor lumrahe struktur lemahe, kemiringan, banyu kang kamot dening lemah kang ndadekake lemahe dadi lembek. Saupama udan nggrejih, pirang-pirang dina ana ing papan sing perenge rada jejeg kena dipesthekake yen lemah bakal longsor.

Luwih-luwih yen mangsa ketiga sadurunge dawa banget banjur rendhenge rada ngeget . Lumrahe longsore cilik-cilik mung sa truck rong truck mung nutupi dalan, ora longsor gedhe kaya saiki iki. Sajege dadi perkebunan wiwit jaman Landa nganti saiki sing longsor nggawa kurban ya lagi pisan iki.


Muga-muga kanggone para warga kang tinggal donya , arwahe ditampa dening Gusti Allah murwat karo ngamale, dene sing kaparingan slamet diparingi kuwat imane, lan tansah eling , tansah tekun anggone ngibadah marang ngarsane Gusti Kang Maha Kuwasa.
Ing ngisor iki gambar-gambar ing kebon teh Dewata .


Tendha-tendha kang katon kanggo nampung para korban longsoran.





Gunung kang longsor katon mlewah, satemene dithukuli wit-witan kang gedhe.






Perumahan karyawan kebon teh kang rata kasapu longsor.








"Bego" lagi ndhungkari lemah sing disengguh dadi papane korban sing durung ketemu.








Para relawan lagi kirim bantuan pangan menyang afdeling Karangtengah.






Sholat gaib kanggo memuji marang ngarsaning Gusti supaya arwahe antuk papan kang murwat.




Calon dhokter saka tlatah Tenjolaya.Muga-muga kalakon apa sing digayuh.








Korban longsor ing Tenjolaya wis wiwit golek ngelmu kanggo napaki dina-dina kang bakal teka.

Pengikut

Matur Nuwun ...