Jumat, 26 Februari 2010

WIT TREMBESI KARO PARI.

Wektu iki Negara lagi gonjang-ganjing prekara pansus. Para pemimpin lan sing rumangsa dadi pemimpin padha ngetokake kasektene dhewe-dhewe. Para pemimpin mau kabeh rumangsa bener. Nanging anehe sing kandhane bener mau tinemune beda-beda, malah-malah kosok balen. Mula kawula cilik sing dadi bingung, jalaran ora ngerti endi sing kena diturut lan endi sing kena dipercaya. Katone para pemimpin mau kudu noleh menyang mburi, noleh marang “kearifan local” kang awujud “dongeng bocah”.



Ing pinggir sawah ana wit trembesi utawa wit munggur , godhonge ngrempayak ketel. Dadi panggonan ing ngisore kono aub lan adhem. Wong liwat akeh sing leren ing ngisor munggur kono.
Ing sandhinge ana wit pari saeler, kliwatan ora dieneni parine.
Munggur celathu : “He pari, genea kowe kok isih ana kono; njegil ijen ora ana rewange. Delengen kae, sedulur-sedulurmu wis padha dieneni, mung kari tunggake bae sing isih ana ing sawah. Aku ngerti, manungsa olehe ora ngundhuh wohmu, marga kowe kuru nyekringkring kaya wong murus. Wulenmu ya cilik bae ora mbejaji. Pancen kowe diliwati, disirik ing manungsa. Cekake titah sing kaya kowe kuwi pancen titah sing apes. Yen dipurih wohe ora misra, dipurih aube ora ngaubi. Godhongmu pating sluwir ngono kuwi kenane mung kanggo ngaub walang.
Delengen awakku. Lemu dilepeh, godhongku ngrembuleng bisa ngaubi wong lelungan. Patute aku iki kena sinebut rajaning wit-witan. Ngendi ana wit sing godhonge ketel kaya godhongku?”
Durung tutug olehe guneman , ana angin gedhe, mendhung ireng nglumpuk pener ing dhuwure munggur mau. Bres, udan deres kaya disokake . godhong trembesi nadhahi banyu udan mau, krasa abot banget. Abote mu ora sepiraa yen semana ora ana angin. Bareng angine ya gedhe, dadi trembesi kaya dijorogake , reketeg, reketeg, breg, njreganggang ing sawah. Oyode dhungkar, rantas, ora kuwat cekelan ing jero lemah.
Si pari tetep ngadeg ing kono. Keterak ing angin mung mentelung bae. Sireping angin iya banjur jejeg maneh.
Liya dina sing duwe sawah ngasag parine , isih ana sawetara sing kliwatan. Bareng lakune tekan ing pari sandhinge trembesi mau, weruh yen landhung, mentes , kuwi didhewekake arep kanggo bibit.
Pari kuwi tembene bisa dadi wit pari sing seger thukule. Wohe mentes, wulene dawa-dawa, ora beda karo bibite. Dadi sing mau diwada nyekringkring, bisa nurunake tanduran sing ledhung –ledhung lan akeh asile. Turun-temurun nganti pirang-pirang turunan tanpa wates. Si trembesi sing njrebabah mau pange dipeceli pak tani, dianggo kayu obong, ora ana tabete lan leleabuhane kang katon. Mung dhelege digraji digawe blabag, nanging anggone ora suwe, wekasan iya dadi kayu obong.
Wosing dongeng yen manungsa kasinungan panguwasa, ngelmu, bandha donya, lan rumangsa bener, aja pisan-pisan nduweni watak kumawasa, sapa sira sapa ingsun, sawiyah-wiyah marang sapepadhane urip. Miturut pangandikane para sepuh “AJA DUMEH”.

Crita dipethik saka : “Mardi lan Marjam”, M. Mardjana lan M. Samoed Sastrowardojo, J.B. Wolters, Djakarta, Groningen, 1952.

Rabu, 24 Februari 2010

CANDRASENGKALA (8)

Atur wangsulan dhumateng Mas Danang,

Tembung -tembung ingkang ngggadhahi watak 0 (das) inggih punika :
langit, kombul, mesat, muluk, luhur, tumenga, swarga, tanpa, tawang, oncat, musna, sirna, ilang, gegana, tan.

Tembung-tembung ingkang nggadhahi watak 2 (kalih) inggih punika :
nembah, mulat, sikara (aru-biru, panggodha), panganten, bujana, buja, kanthi, ngrengga, paningal, dresthi (cidra), ngabekti, kanthi.

Tembung-tembung ingkang nggadhahi watak 9 (sanga) inggih punika :
dewa, jawata, arum, ganda, kusuma, menga, ambuka, gapura, wiwara, trus, trustha (seneng), manjing.

Adhedhasar tembung ing nginggil taun 2009 saged dipun damel candra sangakalanipun kados ing ngandhap punika :

1. Terus mumbul tanpa sikara, tegesipun terus mekar (berkembang) tanpa panggodha (gangguan).
2. Ambuka langit luhuring panembah, tegesipun mbikak langit saking kaluhuraning puji (donga).
3. Wenganing gegana tanpa sikara, tegesipun bukaning langit tanpa panggodha.
4. Kusuma kombul swarganing paningal, tegesipun sekar kondhang dados swarganing paningal (jalaran saking endahing sekar).
5. Ganda muluk ing luhuring pangabekti, tegesipun ganda arum angambar saking pangabekti.
6. Trusing tawang tanpa dresthi, tegesipun terus minggah dhateng langit tanpa cidra.

Candra sangkala ing nginggil minangka conto, arupi puji pandonga dhumateng ngarsaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos. Panjenengan saged milih lan saged ngasta piyambak ingkang panjenengan cocogi. Sampun ngantos candra sangkala kalawau namung awujud tembung ingkang dipun jejer-jejer tanpa teges.

Rabu, 17 Februari 2010

NINI THOWOK, DOLANAN SING MUNG KARI DONGENG


Ni Thowong utawa Nini Thowok iku dolanan bocah sing saiki mung kari dadi dongengan. Tembung Nini Thowok malah kondhang dadi brand mark sawijining seniman misuwur yaiku Didik Nini Thowok saka Ngayojakarta Hadiningrat. Apa ta Nini Thowok iku ?
Dhek jaman biyen nalika wancine padhang rembulan bocah-bocah padha metu dolanan . Enom tuwa padha metu menyang latar. Ana sing mung lungguhan wae, ana sing gobag, ana sing jelungan, ana sing jamuran lan ana sing padha tetembangan. Pancen swasanane endah tenan. Dhasare latare jembar, tur mangsa ketiga , mula akeh bocah sing padha dolanan. Salah sijine dolanan bocah ya iku Ni Thowong utawa Nini Thowok. Dolanan iki mligine kanggo bocah-bocah wadon . Sasuwene dolanan, diselingi lelagon.
Sing paling dhisik yaiku golek icir karo siwur. Barang loro iku mau kudu anggone nyolong menyang tangga teparo. Terkadhang anggone nyolong nganti teka liya desa utawa liya kampung. Sabisa-bisa wong sing dicolongi kudu sing lantap. Supaya menawa weruh barang iku mau duweke enggal-enggal nesu, dadi Ni Thowong enggal dadi. Icir lan siwur mau banjur didandani . Munguh reroncen lan patrape anggone ndandani panjenengan mrikasi gambar.
Siwure kudu disaput atal, banjur kagantha peprincene rai utawa pepaesan kaya penganten. Sing kanggo paes yaiku : kunir, enjet lan angus. Bolongane siwur ditutp merang lan dikebaki kembang-kembangan lan gegodhongan. Gulu pengkune icir dilapis merang, bau lan tangane uga kagawe saka merang. Mungguhj trape sandhangan uga kaya caraning manungsa. Malah ana sandhangan sing digawe saka srwa-sruwine sutra, plangi, cindhe polos lan liya-liyane.
Sawise rampung anggone ndandani, bakda surup diusung bocah wadon akeh, digawa menyang panggonan kang angker utawa wingit sarta dietutake karo kutug. Sasuwene mlaku nganggo tetembangan mangkene :

Lagu 1.
Padha mbuwang bocah bajang, rambute arang abang ( X sawatara ).

Katerangan :
Sawise teka ing panggonan, Ni Thowong karo kutug ditinggal, mungguh suwene anggone ninggal watara setengah utawa telung prapat jam, sarta tansah diulat-ulati saka kadohan , kuwatir mbokmenawa ana sing melik marang sandhangane Ni Thowong. Lan salawase iku ana sing nggawe anak-anakane Ni Thowong. Sing digawe yaiku gandhik sing diblebed pipih kaya carane bayi digedhong. Yen wis rampung banjur kasedhiyakake ana papan sing arep dienggoni dikantheni pengilon. Bareng bocah-bocah arep njupuk Ni Thowong banjur ditembangi mangkene :

Lagu 2 :
Padha mupu bocah bajang, rambute arang abang. ( X sawatara ).

Katerangan :
Lelagon mangkono mau nagnti tumeka ing papane. Setakane papan wengkune icir dicekeli bocah akeh, lan semu diumbul-umbulake sarta diobah-obahake. Bocah-bocah mau karo tetembanga mangkene :

Lagu 3 :
Bageya, bageya mbok lara kang lagi teka . ( X sawatara ).

Katerangan :
Sawise rada suwe , banjur ganti lagu kayadene ing ngisor iki. Mangkono siji-sijine lagu anggone nembangake nganti sajelehe.

Lagu 4 :
Ni thowong, ni thowong, gayer-gayer ginothong, ginothonge telu gandhek, iderna nyang dhondhongan , ramekna bocah dolan, suraka surak iye. Ose , ore, iyo. ( X sawatara ).

Lagu 5 :
Ilir ilir tandure wis sumilir,
Takijo royo-royo tak sengguh penganten anyar,
Cah angon, cah angon penekna blimbing kuwe,
Lunyu-lunyu peneken dinggo masuh dodotira,
Dodotira, kumitir bedhahing pinggir,
Domana, jlumatana, dinggo seba mengko sore,
Pupung gedhe rembulane,
Pupung jembar kalangane,
Ya suraka, surak iye. ( X sawatawis ).

Lagu 6 :
Ilir-ilir gunanthi,
Sabuk cindhe lir gunanthi,
Gilang-gilang layone,
Layone putra ugung,
Ugung dening dewa,
Alah dewa dening sukma,
Widadari tumuruna,
Gumrubyug barat sasanga,
Ya suraka, surak iye . ( X sawatawis ).

Lagu 7 :
Ilir-ilir guling,
Gulinge sukma katon,
Raga-raga muliha,
Ja suwe-suwe ndalan,
Mesakake jing adolan,
Dolana dolandana,
Alah dana dene sukma,
Widadari tumuruna,
Gumrubyug barat sasanga,
Ya suraka, surak iye . ( X sawatawis ).

Lagu 8 :
Ceplik epring, njemplang njempling,
Moas, anjogeda, Moas, angigela, ( X sawatawis ).
Lagu 9 :
Kranjang pangayun-ayun, bapak,
Dhemen wonga, ora dhemen salendere,
Bapak carang gantung, sawiyah. ( X sawatawis ).

Lagu 10 :
Wong ayu, pilisa kunir apu,
Anjelirat, anjelirit, wong ayu ngadhanga dalan,
Sapisan ndaku paman,
Ping pindho ndaku bojo,
Ping telu melu turu.
Suraka, surak iye. ( X sawatawis ).

Katerangan :
Sabubare lagu mau, asring disambung lagu-lagu liyane, malah-malah sing nduwe gong (gamelan) banjur digameli, digerongi dening bocah-bocah mau. Dene katone yen wis ndadi, rasane nyang tangan antep, njumbule Ni Thowong kaya dene tangan sing njumbulake. Rasa-rasane upama nalika njumbul diculake kaya dene mumbul teka awang-awang. Apa maneh yen pancen wis ndadi, sing dicekel sondere. Malah yen wis kesel anggone nyekeli, banjur bangkekane Ni Thowong dicencang ngiwa nengen ing cagak utawa wit-witan. Ing kono yektine bias njondhil-njondhil dhewe.
Mungguh sasuwene ndadi, upama ana bocah sing gelem nyolong gandhik anak-anakane , polahe Ni Thowong kaya dene wong nesu. Upama ana bocah methik godhong rong lembar, banjur dikongkon mbadhe godhong endi sing anggone methik sing utawa sing kari, iku bisa ndumuk sarana sirahe.

Penget :
Sasuwene Ni Thwong digawe, ora kena pisan-pisan dicekel bocah lanang, sarta kutuge tansah nglandheng.

Tembung :
Icir = bangsane wuwu dawa.
Miyagah = nindakake apa apa sarana awagan (kira-kira).
Atal = bangsane watu kuning sok digawe boreh.
Plangi = sutra mawa corak kekembangan (dianggo kemben, slendhang lsp).
Cindhe = bakal awujud sutra abang kekembangan.
Gandhik = watu gilig dianggo nggerus utawa mipis.
Gedhong = jarit kang kanggo mblebet bayi.
Sondher =sampur kanggo njoged ditalekake ing bangkekan.

Sumber : Serat Lagu Bocah-bocah (Javaansche Kinderspelen), R. Soekardi, Semarang Drukkerij en Boekhandel, H.A. Benjamins, 1912

Jumat, 12 Februari 2010

CANDRASENGKALA (7)


Minangkani pamundhutipun Mas Utomo .
Dhasar :
Sengkalan punika tetengering angka taun ingkang sinandi sarana tetembungan (ukara), gambar utawi pepethan.Tiyang Jawi remen dhateng sengkalan punika jalaran sengkalan limrahipun awujud ukara saengga gampil anggenipun ngenget-enget. Sengkalan limrahipun dipun serat wonten lawanging gapura utawi regol, sanginggiling kori , sanginggiling cungkup lsp.
Ingkang dipun sengkalani warni-warni :
Upami kraton inggih adeging kraton, sirnaning reresah utawi kraman, sudaning pamor kraton, ratu seda, utawi pangriptaning serat-serat kapujanggan lan sanes-sanesipun. Upami sanesing kraton inggih adeging griya, lairing putra, palakrama, lairing wayah, dinten sedanipun sesepuh, ngarang buku, lan sanes-sanesipun.

Wujudipun sengkalan :
Sengkalan ingkang awujud tetembungan kawastanan sengkalan lamba.
Sengkalan ingkang awujud gambar dipun wastani sengkalan memet.

Wewatoning taun :
Sengkalan ingkang manut lampahing rembulan dipun wastani candra sengkala.
Sengkalan ingkang manut lampahing srengenge dipun wastani surya sengkala.

Suraosipun sengkalan :
Suraosipun sengkalan sageda salaras kaliyan bab (kadadosan) ingkang dipun sengkalani. Sampun ngantos ukara sengkalan namung awujud tembung ingkang dipun jejer-jejer. Saged ugi ngemu suraos : kekudangan, pangajeng-ajeng, pangalembana,pamuji, panyeda, panalangsaning manah, lsp. Mawa-mawa ingkang dipun sengkalani. Pokokipun ingkang mranani.

Sengkalan Lamba.
Cara pamaosipun :
Tuladha :
Kaya wulan putri iku.
Kaya = 3, wulan = 1, putri = 3, iku = 1 , pinanggih angka 3131, lajeng pamaosipun dipun walik saking wingking dados 1313 Caka. Dipun dadosaken taun Masehi dipun tambah 78 taun dados taun 1391 M.
Pinanggih ing pasareyanipun putri Campa ing Trowulan.
Janma trus kaswareng jagad.
Janma = 1, trus = 9, kaswareng = ka +swara + ing = 7 , jagad = 1, pinanggih angka 1971, lajeng pamaosipun dipun walik saking wingking dados 1791 taun Jawi. Jalaran taun jawi menawi badhe dipun titisaken sampun boten dipun tambah malih kaliyan 78. Jalaran saben taun gesehipun taun Jawi kaliyan taun Masehi saya dangu saya celak. Sapunika (taun 2010) kirang langkung gesehipun sampun 68 taun. Pinanggih ing serat Hidayat Jati, anggitanipun R. Ng. Ranggawarsita.

Cara Panganggitipun :
Jalaran sapunika ingkang kaprah kaangge taun Masehi mila (menawi kula) langkung prayogi menawi adhedhasar taun Masehi kemawon. Ateges ngangge wewaton surya sengkala. Tembung-tembungipun tetep sami namung dhasaripun mendhet taun ingkang beda.

Caranipun ngapalaken :
Lugunipun postingan kula wiwit angka nol ngantos pungkasan punika awujud sekar . Cobi panjenengan titi . namung postingan kula ingkang lami dhawah wonten ngandhap lan postingan ingkang enggal dhawah wonten nginggil.

WATAK SETUNGGAL.

Asmaradana.
Janma nabi tunggal gusti,
badan rupa maha buda,
samadi iku pamase,
surya candra sasadhara,
wiji godhong lek kenya,
wungkul buweng urip nekung,
nyata sudira tyas putra.

WATAK KALIH.

Kinanthi
Penganten dwi nembah suku,
gandheng asta ndulu dresthi,
netra myat buja bujana,
karnan ngrengga athi-athi,
paksa apasang carana,
sikara bau suwiwi.

WATAK TIGA .

Pangkur.
Tri jatha lir wrin dahana,
kaya wignya uninga anahuti,
sorot brama api murub,
kobar guna ujwala,
teken siking keksi bahni kukus apyu,
nala benter rananggana,
katon panas pndha agni.

WATAK SEKAWAN

Pucung.
Sumber sumur tlaga wening karya masuh,
udan bun her dadya,
warna warih waudadi,
tira nadi dadi suci wedang tawa.

WATAK GANGSAL.

Durma.
Saya galak guling wil yaksa raseksa,
marga pandhawa lungid,
bana wrayang sara,
wisaya pancakara,
cakra hru astra jemparing,
gati tinata,
braja margana angin.

WATAK NENEM.

Sinom.
Mangsa nenem carem raras,
Rasane madu hartati,
Naya sad wayang wuyungan,
Ilat kilat obah manis,
Ginggang prabatang oyig,
Madura sarkara retu,
Lona tikta kayasa,
Anggas anggang-anggang gonjing,
Tahen wreksa winayang kayu anggana.

WATAK PITU

Maskumambang
Resi gunung pitu anitih turanggi,
suka weling wulang,
swara gora angsa muni,
aswa giri gung himawan.

WATAK WOLU.

Mijil.
Astha basu ula slira murti,
gajah tengga bunglon,
tanu sarpa bajul baya tekek,
dipa manggala madya basuki,
dipangga angesthi,
brahmana wewolu.

WATAK SANGA

Gambuh.
Kusuma ngganda arum,
Dewa sangan mbuka pintu masuk,
Kori menga gatra wangi terus manjing,
Muka wadana marbuk rum,
Anggangsir babahan bolong.

WATAK DAS

Megatruh.
Sirna musna muksa mesat langit mumbul,
pejah tanpa suwarga nir,
brastha rusak swuh wuk suwung,
sunya windu surud sat nis,
sempal ngles gegana adoh.


Panutup :
Cobi panjenengan ngasta karangan sengkalan ingkang panjenengan kersakaken. Menawi kepareng kula dipun paringi seratanipun. Menawi kirang terang kula aturi maos postingan kula ingkang nomer 6 lan 7 sarta kula aturi maos ::
1. Memetri Basa Jawi Jilid III karangan S. Padmosoekotjo babaran CV Citra Jaya 1982.
2. Katrangan Candrasengkala karangan R. Bratakesawa babaran Bale Pustaka 1928

Nuwun.

Senin, 08 Februari 2010

SIMBOLISME KEBO



Dandhanggula.

Poma-poma anak putu sami,
aja sira mangeran busana,
aja ngendelken pintere,
aja anggunggung laku,
ing wong urip dipun titeni,
aketareng basa,
katandha ing semu,
semu becik semu ala,
sayektine ana tingkah solah muni,
katon amawa cahya.

Aja sira amadhakken jalmi,
amarentah kaya sato kewan,
kebo sapi miwah iwen,
aja sira prih weruh,
kaya uwong pan ora ngerti,
aja kaya si Soma,
kebone pinukul,
sebabe sinau maca,
yen bisaa nora beda padha urip,
mulane awewuda.

(Pepali Ki Ageng Sela , R.M. Soetardi Soerjohoedojo.)

Enggal-enggal iki kahanan Negara Indonesia gonjang-ganjing perkara kebo. Para demonstran nuntut marang pamarentah supaya prekara –prekara sing ndadekake sekeling atine rakyat lan masyarakat enggal dirampungake. Para demonstran angggone demo padha nggawa kewan. Ana sing nggawa tikus, pitik, bebek, wedhus, baya, cecak, lan sapanunggalane. Mung wae durung ana sing nggawa jerapah, gajah, kuda Nil, ula anaconda lan kewan-kewan sing gedhe sarta galak. Kewan-kewan mau didadekake symbol utawa perlambang kanggo wong-wong kang didadekake “ sasaran tembak”. Saliyane kewan ana uga nayaka (menteri) sing pasuryane digambari siyung. Bab iki kira-kira disengguh iku drakula, macan, apa raseksa sing medeni., mula perlu disingkirake. Sing paling rame nalika presiden dipadhakake (dilambangake) kebo. Kebone ditulisi Si BuYa. Banjur ana reaksi saka presiden, yen panjenengane nafsirake presiden di padhakake kebo, sing awake lemu ginuk-ginuk, klemar-klemer tur bodho. Sawise presiden paring reaksi, banjur tuwuh reaksi balik. Presiden ora kena angluh (mengeluh) , presiden ora nduweni hak kanggo tafsir tunggal, sing demo nduweni tafsir sing beda karo tafsire presiden ,lan liya-liyane . Pancene rakyat Indonesia saiki pancene pinter-pinter. Pinter ….. ngeles.
Kira-kira apa sebabe presiden kagungan tafsir kaya mangkono ?

Ing tembang ndhuwur iku nyritakake dhek jaman biyen ana wong jenenge Soma, mulang kebone supaya bisa maca. Kebo mau saben dina dipecuti, pamrihe supaya enggala bisa maca. Sanajan saben dina disabeti, dipecut tetep wae kebo mau ora bisa maca. Kepriye bisane maca wong kebo mau pancene kewan, Mbok nganti kukuting jaman ora bakal ana kebo bisa maca. Upamane kebo mau padha karo manungsa mesthi bisa maca. Mulane nganti saiki kebo iku tetep wuda, jalaran ora padha karo manungsa .Ing kene kebo ditafsirake wong bodho, jalaran yen wong pinter mesthi ora bakal diwulang maca.
Tembang Dhandhanggula ing dhuwur iku pepaline Ki Ageng Sela marang putra wayahe. Apa sing diarani pepali ? Pepali yaiku piwulang, ajaran , aturan, utawa petunjuk (R.M. Soetardi Soerjohoedojo). Piwulang kang awujud falsafah, tata caraning wong urip ing alam donya, sarta piwulang sangkan paraning dumadi. Manungsa urip ing alam donya iki asale saka ngendi lan parane mbesuk bakale menyang endi.
Ki Ageng Sela iku eyang buyute Danang Sutawijaya sing ngedegake kraton Mataram Islam (ajejuluk Panembahan Senapati ing Ngalaga Sayidin Panatagama). Ki Ageng Sela piyambak sugeng nalika Jaman Kraton Demak kira-kira abad ka 16. Dadi kira-kira piwulang iku nganti saiki wis limang abad. Kanggone wong Jawa manawa maknane kebo arupa symbol “kebodohan” wis mbalung sungsum lan ora aneh maneh. Luwih-luwih para priyayi kadang sentana ratu, piwulang iku mesthi dikaweruhi. Miturut katrangane R.M. Soetardi Soerjohoedojo (sing nulis transkripsi Pepali Ki Ageng Sela saka aksara Jawa menyang aksara Latin) wiwit umur 8 taun piyambake didhawuhi dening eyange supaya ngapalake tembang-tembang mau. Bab iku kalumrah ing jaman-jaman sadurunge Indonesia mardika.
Akeh unen-unen kanggone masyarakat Jawa tembung “kebo” sing nduweni teges bodho, utawa nduweni teges ora becik, kayata :

1. Plonga-plongo kaya kebo. Wis mesthi maknane kebo mau barang utawa kahanan sing tegese bodho, pancene kebo ora bisa maca.Yen kebo bisa maca jenenge kebo pinter utawa dudu kebo. Tetembungan iki lumrah dikandhakake wong tuwa kanggo nuturi anak-anake, lan isih kerep keprungu ing sekolahan pak guru ngendika kaya mangkono marang murid-muride. Ngendikane pak guru upamane : “Coba wangsulana , aja plonga-plongo kaya kebo ngono.”
2. Dikebo ranggah tegese didadekake korban kanggo keslametane wong akeh. Kebo ranggah iku kebo alasan . Kebo alasan mau dicekel banjur dibeleh kanggo slametan. Slamet saka bebaya kang ngincim wong-wong kang manggon ing kono. (Kamus Peribahasa Jawa , F.S. Darmasoetjipta).
3. Kebo nusu gudel tegese wong tuwa njaluk wuruk (wulang) marang wong enom (Paribasan). Wong njaluk wuruk mesthi wong bodho, tuwa pisan.
4. Londho-londho walang sangit nggendhong kebo = katone jujur nanging satemene ing jerone ati nduwe pepenginan ala (Kamus Peribahasa Jawa , F.S. Darmasoetjipta). Nggendhong kebo nduweni teges nduweni pepenginan ala, ora jujur, ora becik.
5. Kumpul kebo / Pisah kebo tegese wong jejodhowan ora ngango tata cara salumrahe wong, ora perlu menyang naiban (petugas sing nyathet perkara nikah ). Kumpule kaya kumpule kebo sing perlu nganggo saksi , ora nganggo aturan.

Saiki jamane jaman demokrasi, rakyat wis akeh sing pinter, panguwasane Negara ana ing tangane rakyat. Mula rakyat oleh lan bisa kandha apa wae sasenenge atine. Mung kadhang kala ora nganggo unggah-ungguh sarta subasita.

Kanggo mangerteni isining tembang, tembang ing dhuwur dak owahi nganggo basa Indonesia .

Ingatlah , jangan sampai engkau lupakan wahai anak cucu kami sekalian, janganlah engkau mempertuhankan pakaian (perhiasan dunia, harta benda), janganlah engkau menyombongkan kepandaianmu, janganlah engkau menyombongkan apa yang telah engkau jalani sebagai laku, yang telah kau lakukan semuanya diperhatikan orang, semua terlihat dari caramu berkata-kata, terlihat dari air mukamu, roman muka yang baik maupun roman muka yang jahat, sebenarnya segala tindak tanduk, cara berkata-kata, tampak pada cahaya roman mukanya.
Janganlah engkau menyamakan manusia, memerintah seperti binatang, kerbau sapi serta unggas, janganlah hendaknya engkau inginkan (perintahkan) supaya mengerti seperti manusia, karena memang tidak akan tahu, Hendaklah engkau jangan seperti Si Soma yang selalu mencambuk kerbaunya , karena kerbaunya tidak bisa diajar membaca, Kalau kerbau bisa membaca tidaklah berbeda antara manusia dengan binatang. Oleh sebab itu sampai sekarang kerbau masih telanjang.

Senin, 01 Februari 2010

OLEH-OLEH SAKA PULO BALI


Yen ana wong kandha pulo Bali, saben wong sajabang cindhile mesthi weruh. Malah-malah tumraping bangsa manca pulo Bali luwih moncer jenenge katimbang Negara Indonesia. Apa sebabe ? Yen mung bab kaendahaning kutha, segara, pesisir, gunung, tlaga lan sapanunggalane tanah Jawa ora kalah endah. Nanging kena ngapa pulo Bali luwih moncer tinimbang papan liyane? Pangripta enggal-enggalan iki plesir menyang pulo Bali. Pangripta arep crita kahanan pulo Bali satleraman sanajanta sing ditulis pangripta iki kanggone wong liya kena diarani kasep.

Masyarakat utawa warga pulo Bali umume panguripane saka tetanen. Sakiwa tengene dalan saka Gilimanuk menyang Denpasar isih akeh sawah-sawah kang ijo royo-royo. Malah ing sakiwa tengene kantor kabupaten Badung iya isih akeh sawah. Ora beda karo ing tanah Jawa. Bedane, ing saben omah ana papan kanggo sembahyang . sadalan-dalan sing diliwati ana pura kang kanggo manembah marang Gustine. Saben toko ana sesajen. Adat-iku turun temurun isih dilakoni nganti saiki. Yen ing tanah Jawa padha karo langgar kanggone para umat Islam. Adat sing kaya mangkene iki ing papan liya ora ana. Saben desa ana bale sing diarani bale Banjar sing lumrahe kanggo papan musyawarah utawa kegiatan para warga banjar kono. Bab iki sing dadi salah sijine daya tarik kanggone para pelancong utawa wisatawan.
Ing saben kantor, bale banjar, pura, pasar ana “papan nama utawa nameboard” sing nganggo aksara Bali (mbokmenawa iki padha karo ing Ngayogyakarta Hadiningrat sing nganggo aksara Jawa utawa ing Aceh Darrussalam sing nganggo Huruf Jawi) .

Iki nuduhake menawa tulisan utawa aksara Bali isih diuri-uri nganti teka saiki. Ora kaya ing tanah Jawa, para pangarsa sing ngasta pusaraning praja kira-kira rumangsa isin (jalaran sok diarani ndesa utawa dianggep ora perlu) nulis jeneng ing ngarepe kantor nganggo aksara Jawa. Mula tulisan utawa aksara Jawa mesthine kudu diuri-uri, dituduhake, utawa dingertekake marang para mudha. Iki minangka tandha yekti (bukti) yen mbah-mbah biyen nduweni kabudayan kang luhur, kabudayan kang adiluhung. Para nom-noman lan para siswa gelema nyinau aksara Jawa.. meruhi yen aksara Jawa iku isih ana kanggone. Negara sing kena kanggo conto yaiku : Cina, Korea, Jepang lan Rusia sing isih nganggo aksara bangsane lan negarane dhewe-dhewe, nanging ing babagan teknologi ora kalah karo Negara-negara kulonan. Utamane ing tlatah minggiran utawa Metaraman kayata : Nganjuk, Mediun, Ngawi, Ponorogo. Pacitan, Magetan lan tlatah pesisiran kayata : Tuban, Kudus, Rembang, Semarang sapengulon .
Ana conto sing kurang pas yaiku ing Surabaya, ana salah sawijining TV swasta sing nyiyarake kabar nganggo basa dhialek Suroboyoan , pamilihe tembung-tembung lan panulise ing “running text” mung sakarepe dhewe ora nganggo aturan. Mung wae mbokmenawa apa sing digagas dening redhaktur televise mau, sewu taun engkas bisa utawa klakon utawa keleksanan kaya sing digagas lan dilakoni dening redhaktur saiki.
Ana sawetara bab sing dadi kawigatene pangripta yaiku aksara Bali. Yen dideleng satleraman wujude meh kaya aksara Jawa. Pancene aksara Bali kena pangaribawa saka aksara Jawa utawa Dewanagari,yen ing pulo Bali dadi aksara Bali, yan ing tanah Jawa dadi aksara Jawa. Cacahe aksara Bali ana 18 , dene aksara Jawa cacahe 20. Bedane aksara Bali ora ana tha lan dha. Wujude kaya gambar ing dhuwur iki .

Ing pulo Bali orang ana pepriman (wong ngemis), ora kaya ing tanah Jawa . Yen panjenengan nitih bis , bise durung mlaku wis ana wong ngamen telu utawa papat sing genjrang-genjreng gitaran. Bab iki sing mangkelake ati. Wong ngemis sing pangripta weruhi sing pungkasan ana ing pelabuhan Ketapang. Carane : wong utawa bocah mau langen ing pelabuhan karo bengak-bengok njaluk diuncali dhuwit cring. Yen ana sing nguncali dhuwit banjur nyilem nggoleki dhuwit sing diuncalake mau. Malah-malah kira-kira jam sepuluh bengi (nalika pangripta mulih saka Bali) isih ana wong langen karo bengak-bengok njaluk diuncali dhuwit ing njero banyu. Ing papan-papan wisata kayata : ing Kuta, Bedugul, Tanah Lot, Pasar Sukowati, lan papan-papan liyane uga babar pisan ora ana wong ngemis.

Barong, sawijing sendratari Bali sing kondhang, digelarake tanpa nganggo corong (pengeras suara, sound system). Iki sing “unik”, beda karo ing papan-papan liyane. Ing atase pagelaran gedhe , ora nganggo corong babar pisan. Ora kaya ing tanah Jawa wong ngamen turut dalan wae saiki wis nganggo corong. Apa iki pratandha kupinge wong Jawa wis ora tengen maneh ?. Pagelaran mau suwene sajam lan dianakake saben dina. Kira-kira panjenengan bisa menggalih yen uripe seniman iki mesthi bisa kacukupan.
Sadurunge mlebu para pamirsa diwenehi synopsis lakon apa sing arep digelarake. Lakone awujud perange bala kiwa sing dadi symbol angkara murka mungsuh bala tengen sing dadi symbol kabecikan. Pancene perang antara angkara murka lumawan kabecikan ora bakal ana enteke sadurunge donya iki lebur. Bab iki kena kanggo conto ing tanah Jawa. Akeh pegelaran seni tradisional sing wis kadhesek karo seni-seni modern, kayata : kethoprak, ludruk, lan sapanunggalane. Ing Wonokromo, Surabaya, ana gedhong ludruk sing main saben bengi, ning penontone ora luwih wong sepuluh ing saben wengine. Banjur senimane mangan apa ? Oleh-olehane karcis ora nyukupi kanggo njejegake kendhil. Apa bisa seniman ludruk urip mulya saka anggone ngludruk ? Mula kudu ana pasarujukan utawa golonging rembug lan tekad ing antarane seniman, Disparta lan biro-biro perjalanan wisata kanggo ngurip-urip seniman lan seni ing Surabaya. Saupama iki bisa dileksanakake bisa-bisa para seniman bisa urip mulya, lan “para seniman jalanan” ora perlu ing mitontonake kabisane ing sajroning bis umum sing pungkasane mangkelake atine penumpang bis.

Sing pungkasan, pamarintah dhaerah propinsi Bali temen-temen anggone ngatur lan nengenake babagan pariwisata iki. Pariwisata arupa sumber devisa utawa sumber pengasilane pemerintah lan warga masyarakat Bali. Ing saben dina pirang yuta wae dhuwit sing diblanjakake dening para turis. Dhuwit mau bisa ngubengake ekonomine rakyat Bali. Sing penting para warga merlokake rasa aman, ora ana ontran-ontran kaya bom Bali pirang taun kepungkur. “Manunggaling kawula lan gusti” antarane masyarakat Bali lan para pangarsane pemerintah dhaerah diperlokake supaya budaya, adat istiadat, seni, lan papan papan pariwisata tetep bisa lestari lan wisatawan tetep teka ing pulo Bali, jer iku kang dadi saka gurune ekonomi Bali.

Pengikut

Matur Nuwun ...