Jumat, 27 November 2009

UNAS



Pemrentah kalah ing sidang Mahkamah Agung masalah UNAS . Miturut amar putusan MA “Butir 2 yang pertama menyatakan bahwa para tergugat I sampai IV telah lalai di dalam memberikan pemenuhan dan perlindungan hak asasi manusia terhadap warga negaranya yang menjadi korban ujian nasional , khususnya ada hak atas pendidikan dan hak-hak anak.
Amar 3 memerintahkan kepada para tergugat untuk meningkatkan kualitas guru, kelengkapan sarana dan prasarana sekolah, akses informasi yang lengkap di seluruh daerah di Indonesia sebelum mengeluarkan kebijakan pelaksanaan Ujian Nasional lebih lanjut”.
Ing wektu iki UNAS pancen sawijining momok kanggo para murid ing kelas akhir ing saben satuan pendidikan. Akeh sing kuwatir ora lulus , mula akeh sing stress . Yen ndeleng pengalaman taun-taun kapungkur ana sekolah sing sasekolahan ora ana sing lulus babar pisan .Ana sekolah negeri sing lulus mung nembelas. Ana uga sekolahan sing lulus mung siji ndhil. Apa komentar saka wali murid ngenani bab iku ? Apa guru-gurune iku ora bisa ngatur ta ?
Pancene, akeh para wali murid akeh sing ora setuju karo anane UNAS iki. Dalah para ahli pisan uga akeh sing ora setuju anane UNAS kanthi alesan : Proses pendidikan sing lawase telung taun ora mung ditemtokake sajroning 2 jam ing dalem telung dina. Prinsip-prinsip pendidikan ora mung nguber mutu pendidikan (quality) nanging kudu nduweni prinsip keadilan (equity).Sing diukur yaiku prestasi para murid sasuwene proses pembelajaran sing diangsu nalika sekolah. Kelulusan kudu diukur saka ujian tulis (ujian sekolah lan uga UNAS), absensi murid, watak, budi pekerti lsp. Kanyatan (realita) sing ana yaiku yen UNAS ora lulus, tetep ora lulus sanajanta biji ujian sekolah apik. Dak kira ora ana guru sa Indonesia iki sing kepingin muride ora lulus. Akibat saka kahanan iki miturut Prof. Conny Semiawan “sekolah, guru, maupun murid berusaha untuk menghalalkan segala cara untuk menjadi 100% lulus. Dan itu akan berpengaruh dalam pembentukan karakter manusia Indonesia.
UNAS arupa factor kalulusan sing utama dibantah dening bapak Djemari Mardapi saka BSNP (Badan Standardisasi Nasional Pendidikan), Murid bisa lulus yen murid wis lulus ujian sekolah. Sanajanta UNAS lulus , yen ujian sekolah ora lulus , murid tetep ora lulus. Sapa sing bisa ngontrol proses pendidikan ing sekolahan, carane mulang guru, anggone mulang kecepeten apa ora lsp.? Mula supaya mutu sekolahan iku sajajar utawa padha kudu ana evaluasi saka njaban sekolahan. Mung mbokmenawa bapak Djemari Mardapi lali yen ujian nasional -- miturut Prof Arif Rahman -- arupa veto anane murid bisa lulus lan ora lulus.
Satemene , antarane sing setuju lan ora setuju UNAS nduweni panemu sing padha ing bab :
1. Mutu pendidikan kudu diundhakake.Pancene wis suwe ana akreditasi sekolah. Sekolah kalebu terakreditasi A, B, apa C. Sekolah sing kalebu A bisa ngleksanakake ujian dhewe, sing liyane nggabung marang sekolah sing nduweni akreditasi A. Evaluasi dianakake limang taun sepisan . Perlu dicathet evaluasi mau kudu dianakake kanthi jujur. Ora ana kong-kalikong antarane sing kawogan ngevaluasi karo sing dievaluasi.
2. Sarana lan prasarana sekolah kudu dipepaki, ora mung sing ana kutha bae nanging uga ing dhaerah-dhaerah. Pemrentah wis menehi dana BOS marang sekolahan-sekolahan kanggo mepaki sarana lan prasarana sekolah. Pitakonane : apa sekolahan sa Indonesia wis pepak kabeh?
3. Mutu guru uga kudu dibecikake, kalebu “kesejahteraan guru “ Usaha anane sertifikasi mujudake upaya pemrentah kanggo mbeciki mutu guru.Mung sing durung disertifikasi isih akeh.
Sing ora disetujoni yaiku UNAS kanggo nemtokake lulus lan orane murid. Ing wektu iki murid ora lulus yen bijine kurang 4,25 lan rata-rata kurang saka 5,50.
Saelingku, sadurunge taun pitung puluhan nalika aku dadi murid Sekolah Rakyat murid sing lulus ujian lan ora lulus kabeh oleh ijazah. Mung ing wektu iku ujian jenenge “UJIAN MASUK KE SLTP NEGERI”.Aku setuju keputusane Mahkamah Agung. Yen ana sing “nggalang dukungan” ing facebook aku melu dhaftar sing nomer siji.
Piye ca, komentar sampeyan ? Tak tunggu.

Rabu, 25 November 2009

PGRI


Guru yen di kerata basa utawa jarwa dhosok dadi “di gugu lan di tiru”, uga “yen Minggu turu”, ana maneh “wagu tur kuru”, sing rada repot yen “guru …. mutan”. Nalika aku sekolah guru biyen aku nate oleh wulangan saka guruku : yen kowe kepingin sugih aja dadi guru. Pegawean (profesi) guru mono dudu profesi kanggo golek pesugihan -- ee…. kleru -- supaya bisa dadi sugih.Profesi guru iku pengabdian.
Guru pancene kudu bisa digugu lan ditiru sabarang tindake, kudu dadi panutan. Mula profesi guru sawijining profesi kang mulya, luhur, jalaran guru ana ing panggonan kang ngarep dhewe kanggo kamajuwaning bangsa lan Negara. Maju lan munduring bangsa ditemtokake dening mutu pendidikan sing diemban dening para guru. Mula nalika isih cilik biyen aku kepingin kaya pak guru.
Kira-kira tahun suwidakan nganti pitung puluhan ing desaku yen wektu riyaya Lebaran isih akeh wong-tuwa-tuwa sing sowan menyang daleme pak guru perlu ngaturake keluputan sanajanta guru mau isih enom. Mesthine sing enom mara menyang sing luwih tuwa perlu ngaturake kaluputan. Semono kajen keringane pak lan bu guru ing padesan, sanajanta bayaran sesasi wis entek dipangan ing sajrone seminggu. Lha kahanan sing kaya mangkene iki sing njalari pak guru gurumutan golek …. utangan. Durung yen mbeneri sasi Besar wayahe wong duwe gawe. Yen diulemi (diundang) wong duwe gawe, bingung. Arep ora teka isin, yen teka ora duwe dhuwit. Nanging kahanan saiki wis beda banget. Negara baka sethithik ngundhakake bayare guru. Angger ora kakehan polah, pak lan bu guru wis bisa urip salumrahe manungsa.


Ing kalodhangan iki , ndherek mangayubagya marang guru-guru ing Surabaya sing wis oleh pangalembana (penghargaan) saka Presiden RI Susilo Bambang Yudoyono. Muga-muga anggone nyambut gawe bisa jujur, tulus tumekane ati, lan bisa manfaat kanggo kamajuwane nusa, bangsa, lan Negara.
Ora adoh karo pengarep-arepe yu Thukul (ibune panjenengane pak Bibit Samad Riyanto, pimpinan KPK): “Le, suk emben kowe dadia guru, guru kuwi kepenak”. Lha kasembadan temenan gegayuhane yu Thukul, pak Bibit dadi jendral Pulisi sing nyambi mulang ana ing salah sawijining Universitas ing Jakarta.
Seje karo sing ana kutha Malang . Luwih saka limang ewu guru status honorer sing wis nyambut gawe pitung taun luwih demo ing sajrone upacara pengetan dina PGRI nuntut supaya Pemerintah Daerah nggatekake nasibe guru sing bayare mung seket ewu rupiyah nganti rong atus ewu rupiyah , ora seket yuta nganti rong atus yuta (saiki akeh wong ngarani yuta iku dadi sewu) .

Seje kutha Malang seje karo kutha Banyuwangi. Miturut warta saka salah sawijing TV swasta, sawijining Pengawas Sekolah pak guru Husain Matain sing uga Ketua PGRI –ing antarane guru sanga - nalika mimpin demo, kena sangsi administrative saka Negara dipindah dadi pegawe non job ing kantor Perpustakaan Daerah Kabupaten Banyuwangi. Kamangka pak Husain Matain nuntut supaya dana BOS enggal-enggal “dicairake” lan mbela nasibe guru bantu lan calon guru sing kadaftar ing CPNS.Mesthine sing oleh sangsi pejabat sing ngendhe-endhe "caire" dana BOS.Pancen kaya mangkono resikone dadi pemimpin, kudu wani mbela andhahane. Ora perlu kemba, kudu tansah berjuang supaya para "pahlawan tanpa tanda" jasa bisa urip mulya.
Mbok manawa kabar saka Jakarta ing ngisor iki minangka kado kanggo para guru ing dina pengetan dina laire PGRI, “Ujian Nasional Akan Ditiadakan”. Adedasar putusan Mahkamah Agung nglarang pamarentah nganakake Ujian Nasional, sanajanta pamarentah ngajokake PK (Peninjauan Kembalai). Kalulusan para murid ditemtokake sekolahan dhewe-dhewe. Kabar iki bisa nyuda ngempete para guru sing tansah kuwatir muride ora lulus. Muga-muga kabar iki ngilangi ora jujure guru, nyontoni , marahi, menehi jawaban UNAS supaya muride bisa lulus.Yen gurune jujur, ing tembe muride - Insya Allah - dadi pejabat ya pejabat sing jujur, ora gelem nglakoni korupsi. Nanging kanggone para guru uga ora kena lirwa, banjur kendho anggone nyambut gawe, kudu tansah mempeng lan temen. Temen tinemu .
Kanggo PGRI, jaya-jaya wijayanti, tetep jaya ing sabarang karya.

Selasa, 10 November 2009

NYEMAK BASA SUROBOYOAN JTV (5)


EJAAN BASA JAWA SUROBOYOAN .
Ejaan basa Jawa Suroboyoan JTV nganggo dhasar ejaan Basa Indonesia, nanging ora mesisan. Kahanan iki nyebabakae guru basa Jawa ing sekolahan-sekolahan lan masyarakat dadi bingung. Apa pancen sengaja digawe bingung? Conto sing dakalami : nalika aku pesen stempel menyang tukang stempel ana tulisan nganggo “aksara Jawa : SUKRO” sing ditulis nganggo taling tarung (o) , kamangka asline tulisan iki benere ora nganggo taling tarung (nglegena, wuda, tanpa sandhangan).Guru basa Jawa ing sekolahanku nulis “Gubernur Sutiyoso” uga nganggo taling tarung , sing sabenere nglegena, tanpa sandangan, wuda. Yen guru wae wis bingung (sing notabene sarjana) apa maneh muride, sangsaya ora karu-karuwan. Kahanan iki disebabake dening kisruhe (rancu) panganggone ejaan basa Jawa lan ejaan basa Indonesia. Contone : ora ana bedane t lan th, d lan dh , e lan é utawa è, sarta ora ana aturan panganggone aksara (huruf) sing bener. Kahanan kaya mangkono iku sing dialami dening editor lan redaktur JTV.


Swara jejeg lan swara miring.
Ing basa Jawa sing diwulangake ing sekolahan Surabaya sing saiki, ana istilah : Swara jejeg lan swara miring.
Swara jejeg yaiku swara sing durung owah saka asal ucapane
Conto : O diwaca O, kaya ing tembung soto, bodho, loro, jodho, toko. I diwaca I , kaya ing tembung siji, mili, pipi, driji. U diwaca U kaya ing tembung : untu, buku, luru, turu. A diwaca A kaya ing tembung : sapa, mata, bata, jaka.
Swara miring yaiku swara sing wis owah saka asal ucapane .
Conto : O diwaca A, kaya ing tembung : kodhok, bosok, popok, tonton. I diwaca E, kaya ing tembung : kain, salin, main, ngalih. U diwaca O, kaya ing tembung : sarung, taun, balung, baut. A diwaca A kaya ing tembung : barang, papan, dalan, jaran.
Tembung lingga (kata dasar) sing nduweni swara miring lumrahe yen ditambahi panambang (akhiran) E bali menyang asale.(I) Conto : sarung (sarong, sarung (BI)) dadi sarunge, balung (balong) dadi balunge, kalung (kalong, kalung(BI)) dadi kalunge, baut (baot, baut (BI)) dadi baute, salin (salen, salin (BI)) dadi saline, kain (kaen, kain (BI)) dadi kaine lsp.
JTV = dengkol (lutut), taon (tahun), ngaleh (pindah), kaen (kain), maen (main), dileh (dilih), ngedokno (ngedukno), nunjok (nunjuk)
Tembung-tembung ing ngisor iki kepriye panulise ?
1. balong (tulang), balong (kubangan air), bolong (berlubang) , moncol (terbit), moncol (menonjol)
2. Pentil sing tegese woh sing isih enom, Pentil sing tegese puting (BI), Pentil sing tegese karet sing kanggo nglebokake hawa ing ban.
3. Batuk (dahi), matuk (cocok), kotak (kotak), otak-atik (direka-reka), otak-otak(nama makanan), tutuk (pukul), bati (untung)
4. wedok (perempuan), wedi (takut), ater-ater (awalan) di , duduk (bukan), dobol (keluar organ dubur), ngedol (menjual), modar (mati), ngedol (menjual)
5. Panambang E : desoe (desanya), aksie (aksinya), unie (bunyinya), mburie (belakangnya), joloe(jalanya), matenie (mematikannya), rencanae (rencananya), dtemoknoe (ditemukannya)

Panambang no = ake.
Sakno = mesakake, dibalekno = dibalekake, nglebokno = nglebokake, nyampekno = nyampekake, ngarepno = ngarepake, dikramatno = dikramatake, nanggungjawabno perbuatane = nanggung jawabake, nibakno = nibakake.
JTV = HP anyar diisino pasir (?) , Perda larangan ngerokok mulai disosialisino (?).

Dudutan (kesimpulan):
Redaktur lan editor JTV anggone milih tembung mung sakepenake dhewe, mbokmenawa alesane wong Surabaya iku egaliter, terus terang, tanpa basa basi, apa anane.Bab iku ora salah bener nanging apa wong Surabaya ora nduweni sopan santun sing diwujudake ing tataran basa. Basa Medura wae ana tataran basa, yaiku basa alus lan basa kasar , mosok wong Surabaya ora duwe.
Saran :
1. Tulung JTV njupuk tenaga editor saka jebolan Universitas Surabaya jurusan basa Jawa, sing manggone ing kutha Surabaya. Dak kira jebolan mau cukup mumpuni ing babagan Paramasastra.
2. Yen pancen kepingin nggawe aturan tata bahasa baru kanggo basa Suroboyoan , kudu adoh mikire lan kudu konsisten. Perkara “perkecualian”, sabisa-bisa dikurangi.
Sing repot, yen ana wong gendheng ngomong sakarepe dhewe pas kebeneran ana redaktur utawa editor JTV liwat krungu tembung mau, banjur tembung mau ditayangake ing JTV . Lha yen ngene iki sing gendheng wonge sing ditiru apa sing niru ? Piye ca komentar sampeyan ?
Tamat.

Jumat, 06 November 2009

NYEMAK BASA SUROBOYOAN JTV (4)


Bakor pakem sik jange ngonokno kordinasi Senen ngarep. Tembung ngonokno asale saka tembung apa? Apa kono =situ, di situ, ngono = begitu, ana = ada ? Piye panulise : ngono yo ngono ning ojo ngono, “ojo lungo bojoku loro, iyo podo-podo

Hakim nglekor nduk ruang sidang polahe kepegelen (Hakim tertidur di ruang sidang karena kepayahan).Lumrahe sing nglekor iku ula. Turu nglekor tegese turu kaya ula. Apa ya ana hakim nganti turu nganti kaya ula ?

Londo mbukak dalan munggah nang babak nembelas gedhe sak marie kasil menang sing kesiji. (Belanda membuka jalan naik ke babak enam belas besar sesudah berhasil menang yang pertama. ) Babak nembelas gedhe = tetep “babak enambelas besar (BI)” ora dadi enembelas gede, bapak Purnomo Besar ora Purnomo Gede.

Mbahe korban nangis kepiyer. Lumrahe sing nangis kepiyer iku bocah isih bayi utawa isih cilik. Mosok embah nganti nangis kepiyer? Matuke : Mbahe korban nangis ngguguk, nangis kejer .

mempeng nyetir bronfite Panganggone tembung “mempeng” lumrahe “mempeng sinau”, “mempeng nyambut gawe”, “mempeng ngudi kawruh”. Suman mempeng nyetir bronfite (Suman giat mengemudikan (menyetir) sepeda motornya) (?).

Mlebu nang menit suwidak loro Amauri nggawe gole sing keloro gawe nggowo mbok tuwek mimpin adoh papat nol. Juventus dijuluki mbok tuwek iki perkarane apa ?

MU meh kisinan pas dayoh nang omahe Wigan Atletic (MU hampir dipermalukan ketika bertamu (bertandang) ke rumah (kandang) Wigan Atletic. Sejatine bal-balan iku dianakake ing jero omah apa ing lapangan ? Ya mestine anggone ngartekake ora plek kaya ing basa Indonesia. Ora kudu baka satembung, ana istilah-istilah sing lumrah dienggo ing masyarakat.

Pulisi mentelengi perkoro iki . Apa kira-kira pulisi anggone menteleng nganti mripate mendolo? Apa ora matuk yen “pulisi nliti perkoro iki”.

Saking gak kanti sampek-sampek mbok dewor njupuk dewe lengo gas sing didol. Tembung mbok dewor iku julukan (wadanan, guyon ) kanggo wong wadon sing wis bojo. Conto: Sapa sing liwat iku ? Jawabane : Iku mbok dewore mas Sastra. Tegese bojone mas Sastra. Ye kahanan ana pasar ya ana prawan, ana sing nduwe bojo ana rondo. Yen rondo iki mbok ndewore sapa ? Ora bisa wong wadon sapasar dijenengi dijuluki mbok dewor .


saksi moto (saksi mata,BI). Cukup saksi. Apa ana tembung saksi cangkem, saksi sikil, saksi tangan, saksi awak lsp. Ing basa Jawa nyekseni (nekseni) iku alate nganggo mripat, mata, conto : Para rawuh keparenga anekseni ijabing panganten.

Selawe ton BBM iki disedot teka loro tugboat (Dua puluh lima ton BBM ini disedot dari dua tugboat). Paramasastra (tata bahasa) basa Indonesia karo basa Jawa beda. Panganggone tembung wilangan ing basa Jawa (kalebu basa Surobyoan) conto : tugboat loro , rong tugboat (dua tugboat), rong kelas ora loro kelas (dua kelas), telung jrigen ora telu jrigen (tiga jrigen), sajrigen ora siji jrigen (satu jrigen), curanmor limang perkoro ora limo perkoro (curanmor lima perkara). telung konteiner ora telu konteiner.

tukang sampluk . Tukang sampluk sebutan kanggo pemain tennis. Kamangka ana olah raga liyane sing alate uga nganggo sampluk kayata : pingpong, badminton, kasti, rounders. Apa kira-kira pemain-pemain mau banjur dijuluki tukang sampluk tennes, tukang sampluk ping pong, tukang sampluk badminton, tukang sampluk kasti, tukang sampluk rounders.Semono uga tukang saduk = pemain bal-balan (tukang bal-balan).
Ana tutuge .

Selasa, 03 November 2009

NYEMAK BASA SUROBOYOAN JTV (3)



Barang kasil colongan iku disita Pulisi. Tembung kasil colongan benere asil colongan. Kasil saka tembung ka + asil (hasil) tegese berhasil. Tembung “hasil (BI)”kanggone wong Jawa luwih cedak nang “asil” tinimbang nang “kasil”. Conto : Hamengku gati dadi amengku gati, hanyakra wati dadi anyakra wati , hamengku buwana dadi amengku buwana ora kamengku gati, kanyakrawati, kamengku buwana. Ukara ing duwur yen ditegesi basa Indonesia dadi “barang berhasil curian itu disita pulisi”. Conto liyane : Asile liga kompetisi : Kaiser Laurten kasil dadi juara loro.
Kaiser Laurten medhayoh nang kandange Energie Cottbus . Medhayoh (bertandang, bertamu) iku tujuwane saliyane perang utawa nglawan. Yen nduweni teges nglawan sing pas nglurug. Ing basa Indonesia pancen durung ana istilah sing pas kanggo nglurug.
Kaiser Laurten pethangkringan neng rangking loro. Linggane (kata dasar)petangkringan : petangkring. Benere : Kaiser Laurten metangkring (nangkring) nang rangking loro. Tembung pethangkringan nduweni teges obah utawa ambal-ambalan utawa akeh. Conto : Arek-arek pethangkringan ing wit pelem.
keplintir dengkule mesthine keslio (?). Apa ana dengkul keplintir, mestine sing keplintir iku sikile, ora dengkule.
lempeng maine =kenceng maine. Lempeng tegese lurus, jujur, conto : dalane lempeng, lempeng atine. Benere “pemain Brasil tambah kenceng maine mungsuh Gana” basa Indonesiane pemain Brasil tambah giat (keras, bersemangat ) permainannya melawan Ghana.
Lomba pitik sab-saban tetep rame digatekno wong.Digatekno iku Indonesiane “diperhatikan” . Ing ukara iku sing bener ditontok (ditonton, dilihat). Apa ana ukara “ arek-arek gemrudug arep podo nggatekno bioskop”?
Pak Nut nduweni pengarepan pemerintah melu ngrumat bangunan kuno. Pengarep-arep (harapan = pangarep-arep, arep-arep). Benere “pak Nut nduweni pengarep-arep yen pemerintah melu ngrumat bangunan kuno.”
Polahe balunge akeh sing sempal akire wong iki matek. Sempal iku tegese potol, yen akeh sing sempal tegese protol utawa mrotoli. Balunge sempal iku wujude kepriye ? Apa nganti tangane mencelat, sikile minggat, igane kececeran kok nganti balunge sempal ?
Polres Sidoarjo panen maling mentoloan mbarek maling bronfit.Kira-kira apa ana maling sing gak mentoloan. Kabeh maling mesti mentoloan, yen gak mentoloan ya gak sido maling. Maling mentoloan iku maling opo ?
Siji penumpang sing ilang saiki wis ditemokno (Satu penumpang yang hilang telah ditemukan). Benere “penumpang siji sing ilang saiki wis ditemokno.”
Tembok pabrik rubuh katerjang angin pentil muter. Tembung “pentil muter” iku dijupuk saka basa apa? Ing basa Indonesia ana tembung “puting beliung”, pentil = puting, beliung = muter(?). Yen ora kliru beliung iku jinise kapak utawa pecok kanggo negor kayu, kok dadi muter ? Ing basa Suroboyo ana tetembungan ulur-ulur = angin wujude dawa ireng muter, lumrahe ana ing segara. Lesus = angin banter. Topan = angin banter.
Ana tutuge .

Pengikut

Matur Nuwun ...