Selasa, 31 Maret 2009

Sinau Nembang Macapat


Ing kalodhangan iki ayo padha nyinau nembang Dhandhanggula. Sadurunge miwiti nembang, kudu ngapalake dhisik lancaran Bendrong supaya mangerteni endhek dhuwure swara.Sokur-sokur yen ana gender utawa saron sing bisa kanggo ninthing sepira endhek dhuwure swara, dadi ora blero.
Perlu dikawuningani yen tembang Macapat iku gunane kanggo maca buku crita, mulane irama tembang macpat iku irama mardika utawa bebas.
Titi laras kang katulis ing dhuwur iku titi laras yasane K.R.T. Wreksadiningrat ing Surakarta Hadiningrat kang uga diarani titi laras Kepatihan, dudu titi laras Sariswara yasane Ki Ajar Dewantara.


1.
Pamedhare wasitaning ati,
cumanthaka aniru pujangga,
dhahat mudha ing batine,
nanging kedah ginunggung,
datan wruh yen akeh ngesemi,
ameksa angrumpaka,
basa kang kalantur,
tutur kang katula-tula,
tinalaten rinuruh kalawan ririh,
mrih padhanging sasmita.

2.
Sasmitaning ngaurip puniki,
mapan ewuh yen ora weruha,
tan jumeneng ing uripe,
akeh kang ngaku-aku,
pangrasane sanpun udani,
tur durung wruh ing rasa,
rasa kang satuhu,
rasaning rasa punika,
upayanen darapon sampurna ugi,
ing kauripanira.

3.
Jroning Kur'an nggone rasa yekti,
nanging ta pilih ingkang uninga,
kajaba lawan tuduhe,
nora kena den awur,
ing satemah nora pinanggih,
mundhak katalanjukan,
temah sasar susur,
yen sira ayun waskitha,
sampurnane ing badanira puniki,
sira anggegurua.

(Serat Wulangreh, Paku Buwana IV)

Coba ing ngisor panjenengan pijet (on)lan panjenengan kudu nganggo head set (kupingan) dhisik.





DandanggulaII - Mr Soegeng

Rabu, 18 Maret 2009

PTK,, Penelitian .....



Jagading pendidikan Indonesia sangsaya suwe sangsaya maju. Bab apa bae sing maju? Kabeh !Yen diurut saka kira-kira taun sadurunge taun suwidakan, jaman semana lulusan Sekolah Rakyat ditambah sekolah 4 taun wis bisa mulang. Sekolah mau karan SGB utawa sekolah Guru B. Ing taun iku uga ana kursus guru sing diarani KPKPKB. Ing jaman semana miturut dongengane banjur diplesetake dadi Koplo Koplo Kabeh.

SGB dalah KPKPKB banjur disuwak dening pemerintah, nuli dianakake Sekolah Guru A utawa SGA. Siswane, SGA yaiku njupuk saka lulusan SMP. Suwene sekolah 3 taun. Para guru sing duwe ijazah SGB kudu kursus maneh kanggo nyalarasake (menyesuaikan) golongan pangkate ing KGA utawa Kursus Guru A. SGA lan KGA banjur diganti jenenge dadi SPG lan KPG.
Ing taun sangangpuluhan dirasa dening pemerintah lulusan SPG ora cukup ngelmune kanggo mulang SD mula SPG banjur dibubarake. Sabanjure didegake D1 (Diploma 1) utawa D2.
Akeh panyaruwe saka masyarakat yen asil lulusan sekolah Indonesia "tidak siap kerja" mula pemerintah majibake yen para guru kudu sarjana. Sanajanta sarjana yen durung oleh sertipikat mengajar mengkone bakal ora oleh mulang. Kamangka ing wektu iki guru-guru sing durung sarjana sa Indonesia isih puluhan ewu.
Kanggo ningkatake "kesejahteraane" para guru pemerintah kanthi menehi anggaran 20 % saka anggaran belanjane negara. Kanthi kawicakasanane pemerintah mau, "masa depan guru" sangsaya cerah. Mula para kanca utawa sapa bae sing kagungan putra putri, goleka mantu guru. Iki temen ca, jalaran nasibe guru saiki cerah temenan. Ora kaya taun sadurunge taun pitungpuluhan, ana peraturan pemerintah bab sistem penggajian sing diarani PGPS. Ya mung bae PGPS mau banjur diarani Pinter Goblog Padha Sewu. Nanging jaman samono dhuwit sewu kuwi ya wis lumayan ca !
Masa depan guru sing cerah mau diibangi pemerintah njaluk supaya para guru nyambut gawe ne anggone mulang kanthi temen. Aja nganti asile Ujian Nasional jeblog.
Salah sijine syarat kanggo "kenaikan tingkat" utawa sertifikasi yaiku PTK yaiku Penelitian Tindakan Kelas.
Maksud PTK mau apik, iku jelas ! PTK kanggo mangerteni asile mulang para guru. Samangsa ana kekurangan banjur didandani ing dina candhake. Rak apik ta ca ?
Ning ya ngono, PTK bisa dadi "Puusing jalaran gawean akeh banget. Tekanan dharah mundhak amarga bola-bali salah. Klenger krana ora rampung-rampung. Piye ca ? Sampeyan ya wis rampung ?

Sinau Nembang Macapat



1.
Mingkar mingkuring angkara,
akarana karenan mardisiwi,
sinawung resmining kidung,
sinuba sinukarta,
mrih kretarta pakartining ngelmu luhung,
kang tumrap neng tanah Jawa,
agama ageming aji.


2.
Jinejer neng Wedhatama,
mrih tan kemba kembenganing pambudi,
mangka nadyan tuwa pikun,
yen tan mikani rasa,
yekti sepi asepa lir sepah samun,
samangsane pakumpulan,
gonyak ganyuk nglelingsemi.

3.
Nggugu karsaning priyangga,
nora nganggo peparah lamun angling,
lumuh ingaran mbalilu,
uger guru aleman,
nanging janma kang wus waspadeng semu,
sinamun ing samudana,
sasadon ingadu manis.

(Serat Wedhatama, KGPAA Mangkunagara IV)



PangkurII - Mr Soegeng

Sinau Nembang Macapat


Asmaradana
Asmara ateges katresnan,dene dana saka tembung dahana sing tegese geni. Asmaradana tegese genining katresnan utawa api asmara (Ind).

Sinau Nembang Macapat


Aja lali kanggo ngapalake endhek dhuwure titi laras apalna titi larase Bendrong


00.maskumambang.MP3 -

Jumat, 13 Maret 2009

Sinau Nembang Macapat

(wudun)
2.
Ngelmu iku kalakone kanthi laku,
lekase lawan kas,
tegese kas nyantosani,
setya budya pangekese dur angkara.

3.
Angkara gung neng angga anggung gumulung,
gegolonganira,
tri loka lekere kongsi,
yen den umbar ambabar dadi rubeda.

4.
Beda lamun kang wus sengsem reh ngasamun,
semune ngaksama,
sesamane bangsa sisip,
sarwa sareh saking mardi martotama.



00.pucung.MP3.MP3 - Mr Soegeng

Sinau Nembang Macapat

Miturut katrangane P. Padmosukotjo, cara sing paling gampang kanggo nyinau tembang Macapat yaiku ngapalake not Lancaran Bendrong. Yen notasi Bendrong wis bener anggone nembangake, lagi nembang Macapat kaya sing kapacak ing dhuwur. Liya wektu dak sambung posting notasi Bendrong.

Jumat, 06 Maret 2009

Aja ngrokok, yen durung sakti !

Sawijining dina aku mulang bab bebayane ngrokok. Apa sebabe rokok kok dilarang, jalaran ing rokok ngandhut racun-racun sing bisa ndadekake awak ora sehat. Wis mesthi bae para maos wis ngerti kabeh. Aku dhewe ing jero kelas ya ora nate ngrokok. Yen kepingin ngrokok ana ing jabane kelas. Kabeh dak terangake kanthi gamblang. Sejene rokok ngandhut racun, roko uga ngentekake dhuwit blanja. Yen dietung ing dalem setaun bisa nganti yutan rupiyah. Gampangane : sedina ngrokok entek rong bungkus, regane 2 ping Rp. 7.500 ana limalas ewu rupiyah. Sesasi kari ngepingake wae, limalas ewu rupiyah ping 30 kira-kira ana patangatus ewu rupiyah. Yen setaun wis pira ? Lha rak meh limang yuta !
Bali anggonku mulang mau, sajake bocah-bocah wis padha ngerti. Aku banjur takon, "Anak-anak sudah paham atau belum?". Muridku mangsuli , "Sudaaaaaah !".Aku banjur takon maneh, "Siapa yang ingin bertanya, silakan!"
Ana muridku sing takon, "Pak Guru saya lihat kok masih ngrokok". Aku mangsuli, "Saya kan sakti, oleh sebab itu kalau kamu nggak sakti, jangan ngrokok! Satemene wangsulanku mung sakecandhake. Sepurane sing dawa ca !

Pengikut

Matur Nuwun ...